Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Dilema! Petani Tembakau ing Kabupaten Madiun Kepeksa Panen Dini jalaran Katerak Udan ing Mangsa Ketiga

Satmiko Supraptono • Senin, 7 Oktober 2024 | 20:00 WIB
DILEMA: Mangsa rendheng sing teka luwih cepet ndadekake petani tembakau ing Kabupaten Madiun klabakan. (R. BAGUS RAHADI/RADAR MADIUN)
DILEMA: Mangsa rendheng sing teka luwih cepet ndadekake petani tembakau ing Kabupaten Madiun klabakan. (R. BAGUS RAHADI/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Udan ing mangsa ketiga ndadekake petani mbako (tembakau) ing Kabupaten Madiun klabakan.

Jalarane ancaman tanduran mbakone mati ana ing ngarepe mata. Saora-orane ndadekake kuwalitase anjlok lan regane ajur.

Saengga, gelem ora gelem para petani kudu panen utawa methik luwih dini. Kuwi durung mepene sing mesthi kangelan.

Contone kaya sing dialami Mulyono, petani mbako neng Desa Ngale, Kecamatan Pilangkenceng, Kabupaten Madiun.

Miturut dheweke, hujan sing nggrujug tlatah iki pirang-pirang ndina keri iki kurang nguntungake tumrape petani tembakau.

Jalaran, yen kagrujug udan terus-terusan kualitas godhong mbako bakal rusak nganti mati, saengga gagal panen.

‘’Yen udan terus-terusan, godhonge dadi rusak lan wernane malih ireng, kepeksa diumbar nganti mati,’’ kandhane wingi (3/10).

Saka lahan sing ditanduri mbako, Mulyono bisa panen kira-kira nganti patang kintal ing sawulan yen cuacane normal.

Sejatine, rega mbako wektu iki klebu stabil. Rata-rata nganti Rp 48.000-Rp 49.000 per kilogram. Mula kuwalitase kudu kajaga.

Nanging, panen luwih dini bisa dadi solusi paling apik. Tujuane kanggo ngendhani karusakan godhong mbako merga kena udan.

Sukamto, petani mbako liyane ing desa kene, ngarep-arep mangsa rendheng (penghujan) ora teka luwih cepet.

Merga bakal nganggu tahapan panggaringan tembakau. Apameneh prosese isih nggunakaken cara tradisional.

Yakuwi mepe mbako rajangan ing sangisore srengenge langsung. Otomatis, yen udan kudu dientas saka pemean.

‘’Yen udan, kepeksa mbako sing dipepe mlebu-metu. Iki supaya mbakone ora dadi abang lan ngrusak kualitase,’’ jarene.

Ideale, proses mepe tembakau nganti garing butuh wektu rong ndina yen srengenge menthor-menthor utawa cuaca cerah.

Nanging yen katerak udan utawa mendhung, bisa nganti 3-4 dina. Luwih-luwih yen udan deres mbako bisa rusak lan ora payu didol.

‘’Yen cuacane apik, samangsa tandur (wiwit Juni) bisa panen nganti saton. Yen rendheng mung sithik,’’ Sukamto mungkasi katerangane. (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#tembakau #dini #penghujan #kabupaten #madiun #panen #pilangkenceng #petani #gagal panen