Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ajur Mumur Rega Sayur Mayur neng Magetan, Petani Hortikultura-Pedagang Pasar Sambat, Kok Bisa?

Aprilita Sari • Rabu, 9 Oktober 2024 | 16:30 WIB
ILUSTRASI: Para petani hortikulutra ing tlatah Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, sambat rega ajur. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Para petani hortikulutra ing tlatah Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, sambat rega ajur. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Nasibe petani hortikultura ing Kabupaten Magetan lagi ora apik-apik wae.  

Jalarane, hargasayur mayur wektu iki lagi ajur. Contone kaya sing dialami petani ing Kelurahan Sarangan, Kecamatan Plaosan.

Miturut Sainah, salah siji petani cabai merah (lombok abang), kaanan iki ndadekake petani ing perengane Gunung Lawu mumet.

Apameneh ing mangsa ketiga (kemarau), banyu angel, rabuk uga angel. Saengga kudu nggunakake pupuk cair sing larang.

Sawetara rega lombok abang lan kriting mudhun saka Rp 30.000 saiki mung payu didol Rp 12.000 per kilogram. 

Dheweke ora weruh panyebab rega lombok anjlok. Miturut dheweke rega lombok mudhun wiwit sawise Idul Fitri wingi.

‘’Kocang (daun bawang prei) sing nate Rp 20.000 saiki dadi mung Rp 6.000 per kilogram,’’ sambate nalika ditemoni ing kebone. 

Purwadi, petani liyane nyebutake rega sawi ijo sing sadurunge Rp 800, mundak Rp 1.500 per kilogram, saiki malah ora payu.

‘’Mula diumbar mbosok neng kebon didadekake pupuk alami. Ora dipanen jalaran ora ana regane,’’ jarene. 

Komoditas hortikultura liyane, salah sijine tomat. Sadurunge nate tembus Rp 15.000, saiki Rp 1.200 per kilogram.

Sawetara Suti, pedagang ing Pasar Sayur Magetan uga nyebutake yen rega sayur mayur murah utawa stabil ora mundhak-mundhak.

Miturut dheweke rega cabai merah saka tingkat petani murah. Yen neng pasar Rp 13.000 nganti Rp 15.000 per kilogram.

‘’Ora weruh panyebabe apa. Nanging sanajan murah kaanane pasar uga biasa wae, saben dina sepi,’’ Suti mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #harga #sayur mayur #sarangan #kabupaten #hortikultura #plaosan #pasar sayur #petani #gunung lawu