KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Punjere Kota Madiun bakal rame meneh ing Setu (12/10) mengko.
Bebarangan karo dileksanakake pagelaran seni lan budaya Pahlawan Street Center (PSC) Vaganza.
Iki sawise dinas kebudayaan, pariwisata, pemuda dan olahraga (disbudparpora) kene mesthekake wektune.
Miturut Kepala Disbudparpora Kota Madiun Agus Purwowidagdo, kudune event digelar minggu wingi nanging sengaja ditunur.
Salah sajine, jalaran bebarengan karo kampanye rapat umum terbuka salah siji pasangan calon (paslon) Pilkada 2024.
‘’Kita milih aman (PSC Vaganza) sing wektune ora bebarengan karo kampanye pilkada,’’ kandhane wingi (8/10).
Agus nyebutake yen PSC Vaganza iki dibarengake karo Hari Jadi ke-79 Provinsi Jatim lan Hari Santri Nasional (HSN).
Saengga pirang-pirang momen kuwi diringkes dadi siji ing wulan Oktober iki. Klebu kirab atlet PON.
Kirab atlet sing oleh medali iki bakal dileksanakake ing Jalan Pahlawan kanthi diiringi penampilan barongsai.
Atlet Kota Madiun ing tim Jatim kasil nggawa mulih medali emas loro, medali perak siji lan medali perunggu siji.
Saliyane kuwi, sambung Agus, ing event PSC Vaganza mengko uga ana Festival Nasi Goreng.
Total ana 15 pedagang nasi goreng sing dilibatake lan bakal nyiapake 1.000 porsi nasi goreng.
Festival Nasi Goreng dipilih jalaran menu iki paling disenengi lan favorit kabeh lapisan masyarakat.
Mula pihake ngejak kabeh masyarakat Kota Madiun melu ngreggengake PSC Vaganza ing akir pekan iki.
Tujuane kanggo ningkatake sektor pariwisata ing Kota Pendekar, julukane Kota Madiun, iki. (err/her)
Editor : Satmiko Supraptono