Gaya Hidup Hiburan Internasional Kab. Madiun Kota Madiun Magetan Nasional Ngawi Olahraga Pacitan Ponorogo

WARTA JAWA | Jelajah Lembah Girimanik Wonogiri, Ana Air Terjun Telu sing Isih Prawan, Bisa Tembus Bukit Mongkrang

Satmiko Supraptono • Selasa, 15 Oktober 2024 | 01:00 WIB
ISIH PRAWAN: Salah siji air terjun ing Lembah Girimanik, Desa Setren, Kecamatan Slogohimo, Kabupaten Wonogiri. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ISIH PRAWAN: Salah siji air terjun ing Lembah Girimanik, Desa Setren, Kecamatan Slogohimo, Kabupaten Wonogiri. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

WONOGIRI, Jawa Pos Radar Madiun – Lembah Girimanik, Desa Setren, Kecamatan Slogohimo, Kabupaten Wonogiri, nyimpen kaendahan.

Apa wae? Ing papan parkir ana plang panunjuk sing isine tulisan jenenge air terjun lan pirang-pirang panggonan liyane.

Yakuwi Air Terjun Manikmoyo, Tejomoyo lan Condromoyo. Uga ana Sendang Drajat, Pertapaan lan Sendang Kanestren.

Kabeh panggonan wisata lan tetirah kuwi mung bisa ditekani kanthi mlaku (jalan kaki) saka papan parkir.

Panggonan paling adoh Air Terjun Manikmoyo lan Tejomoyo sing jarake kira-kira rong kilometer saka papan parkir.

Papan parkir lan Air Terjun Manikmoyo disambungake dalan satapak sing konture ora rata uga ora datar utawa landai.

Ana akeh dalan mudhun lan munggah ing jalur sing ngliwati kebon kopi lan mbako (tembakau) duweke warga kene.

Nanging, pamandangan lembah kang endah, wit-witan ngrembuyung lan hawa seger ndadekake ora pati abot.

Sawise kira-kira 45 menit, klebu karo leren, dalan satapak entek lan wis teka Air Terjun Manikmoyo.

Sanajan mangsa ketiga (kemarau) banyune sing bening lan adhem  panggah nggrojog saka tebing sing dhuwure 40 meter iki.

Sawetara Air Terjun Tejomoyo ana ing bagean hilire saka kali ing sangisore Air Terjun Manikmoyo.

Kira-kira butuh wektu 30 menit saka Air Terjun Manikmoyo menyang lokasi Air Terjun Tejomoyo.

Tumrape wisatawan sing ora kulina hiking utawa munggah gunung, jalur iki bakal krasa luwih nguras tenaga.

Sawetara Air Terjun Condromoyo ana ing kira-kira 400 meter ing perengane lembah sisih kiwane papan parkir.

Nanging kaanane akses tumuju Air Terjun Condromoyo iki ora beda karo jalur tumuju loro air terjun sadurunge.

Kanggo wisatawan sing seneng adventure, ana jalur liya sing luwih nantang tinimbang saka papan parkir iki.

Yakuwi saka jalur pendakian Gunung Semar sing ana ing pucuk ngarepe papan parkir kuwi.

Jalur iki nyambung karo jalur pendakian Bukit Mongkrang, Kabupaten Karangnyar,  saka sisih kidul. (aw/wa)

Editor : Satmiko Supraptono
#air terjun #karanganyar #slogohimo #kabupaten #wonogiri #bukit mongkrang #madiun #lembah girimanik