KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kursi Direktur Madiun Umbul Square (MUS) Kabupaten Madiun wis ana sing nglungguhi.
Kuwi sawise Agus Mahendra ditunjuk ngganteni Afri Handoko sing dipecat gegara kesandhung pirang-pirang prekara.
Agus sing sadurunge njabat kepala Divisi Umum dan Pemasaran MUS ditunjuk minangka Plt direktur nganti Januari 2025.
‘’Ngrampungake masa jabatan direktur sadurunge,’’ kandhane Kabag Perekonomian Setda Kabupaten Madiun Puji Satriyo wingi (23/10).
Miturut Puji, kuwi asil kaputusan internal MUS lan dewan pengawas (dewas) badan usaha milik daerah (BUMD) iki.
Kawitane ana loro jeneng sing diajoake manajemen MUS minangka calon Plt kanggo ngganteni posisine Afri.
Bab pangisian direktur definitif, sambung Puji, ngenteni mengko yen masa jabatane Agus wis rampung.
Yen wis rampung, mengko bakal digelar rapat sing nglibatake Pemkab Madiun, dewas lan manajemen MUS.
Rapat kuwi kanggo mbentuk panitia seleksi (pansel) pangisian direktur definitif objek wisata duweke Pemkab Madiun iki.
Bebarangen karo rapat gedhen kuwi. Bisa uga dirembug rencana MUS ing mangarepe kaya apa.
Utamane sing ana sesambungane karo status lembaga konservasi (LK) kang disandhang kebun binatang mini MUS.
Opsine, bakal dipertahanake utawa dibalekake menyang Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Jawa Timur.
Puji uga nyebutake yen Afri wis dipecat wiwit 15 Oktober wingi. SK pemberhentian diteken Pj Bupati Madiun Tontro Pahlwanto.
Dhasare asil laporan audit lan pamriksaan sing ditindake Inspektorat Kabupaten Madiun.
Salah sijine jalaran prekara ngedol satwa titipane BKSDA tanpa ijin alias ilegal lan diakoni Afri.
‘’Dadi, unsur kanggo dhasar pemberhentian wis cukup,’’ Puji mungkasi katerangane. (odi/aan)
Editor : Satmiko Supraptono