SOLO, Jawa Pos Radar Madiun - Haul Habib Ali bin Muhammad Al Habsyi ing Kota Solo dadi momen sing dienteni saben taun.
Ora mung para jemaah, nanging uga masyarakat Kota Solo lan para pedagang sing teka saka pirang-pirang daerah.
Dalan-dalan sakubenge Masjid Ar Riyadh, Jalan Kapten Mulyadi, Pasar Kliwon, Kota Solo, dikebaki lautan manungsa.
Uga lapak-lapak dagangan sing nyedyakake maneka kabutuhan wiwit busana muslim, sandal, nganti panganan.
Wiwit jam 12.00, Selasa (22/10), akses lalu lintas ing Jalan Kapten Mulyadi wis dialihake kanggo nglancarake haul ke-113 Habib Ali.
Gito, adoh-adoh saka Kediri, Jawa Timur, sengaja menyang Kota Solo saperlu kanggo dodolan lemek (alas) plastik.
''Alhamdulillah rame, aku nggawa 400 lembar. Saben lembar regane Rp 10.000,’’ kandhane lansia umur 63 taun iki.
Gito ora leren anggone nawakake lemek plastik marang para jemaah sing katon bingung golek panggonan ngaso.
Sasuwene neng Solo, Gito sengaja ora golek panggonan nginep. Nanging milih turu saenggong-enggon.
Haul Habib Ali uga dadi momen kusus tumrape warga Kampung Gurawan, Pasar Kliwon, Kota Solo, golek rejeki.
Warga kene nyedyakake panggonan ngaso gratis kanggo jemaah sing kangelan utawa kentekan panginepan.
Abdul Basir, salah siji warga. Panggonane bisa nampung nganti 700 wong kanthi fasilitas sederhana.
‘’Kita sedyakake klasa, yen jemaah pingin mangan lan ngombe, bisa tuku neng warung sing kita,’’ kandhane wingi (23/10).
Sanajan ana atusan ewu jemaah, nanging dheweke ora manpaatake aji mumpung. Rega ing warunge tetep normal.
Kagiatan haul iki ora mung bab jiarah lan ndonga (religi), nanging uga nggawa dampak ekonomi marang warga kene.
Miturut Nur Mardiana, ketua RT 02/RW 07 Pasar Kliwon, wargane wis nyiapake adoh-adoh sadurunge kanggo mapag haul iki.
Wiwit saka usaha penginapan, warung makan, nganti nyewakake tenda dagangan, kabeh warga dilibatake ing kagiatan iki.
Umume, warga asli Kampung Gurawan biasane pancen nyewakake tenda, mbukak warung, lan usaha penginapan.
‘’Pendapatan warga bisa nganti Rp 10-15 yuta sasuwene haul 22-24 Oktober iki,’’ Mardiana mungkasi katerangane. (ves/bun)
Editor : Satmiko Supraptono