MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Kaanane alat pemberi isyarat lalu lintas (APILL) penting banget.
Salah sijine traffic light alias lampu bangjo (abang-ijo) sing bisa ngatur pangguna lalu lintas ing dalan-dalan.
Nanging, ing prapatan tlatah Kecamatan Kawedanan, Kabupaten Magetan, kaanane malah kaya mung hiasan.
Miturut Arif Rahman, salah siji warga kene, lampu bangjo kuwi wis ora murup wiwit pirang-pirang dina kepungkur.
Saengga ora fungsi lan ngganggu pangguna lalu lintas. Malah wis nyebabake kadadean kecelakaan lalu lintas.
‘’Mula yen liwat prapatan iki kudu ekstra ati-ati, jalaran prapatan iki lumayan rame,’’ kandhane wingi (25/10).
Sawetara Kabid Prasarana Dinas Perhubungan (Dishub) Kabupaten Magetan Achmad Fauzi Ichsan ora nyelaki bab iki.
Miturut dheweke, traffic light ing prapatan tlatah Kecamatan Kawedanan kuwi pancen ana gangguan.
Mula pihake masang banner ing tugu tengah prapatan sing tulisane: Hati-Hati Traffic Light Dalam Perbaikan.
Fauzi nyebutake controller lampu bangjo sing ana lokasi ngalami karusakan saengga kudu diganti.
Nanging controller duweke dishub jebule ora matching karo traffic light sing lagi kena gangguan kuwi.
Saengga pihake kudu pesen controller anyar. Mula pihake njaluk pangguna lalu lintas ati-ati sasuwene ana gangguan.
Pihake njanjeni sacepete ngupayakkee traffic light ing prapatan Kawedanan kuwi bisa normal meneh.
‘’Sawetara kita pasang banner lan fan traffic sing di-setting kelap-kelip kaya lampu warninglamp,” Fauzi mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono