NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Aksi kriminalitas jalanan lan kadadean tabrak lari ing tlatah Ngawi bisa wae angel dikonangi.
Jalarane Dinas Perhubungan (Dishub) Kabupaten Ngawi ora duwe closed circuit television (CCTV) sing kapasang ing dalan-dalan.
Kuwi sawise wolu titik CCTV alias kamera pangawas duweke Dishub Ngawi dicoplok jalaran rusak wiwit taun wingi.
Sejatine, taun iki wis diusulake kanggo pangadaan. Nanging jalaran anggaran cupet, rencana pangadaan wurung dikabulake.
‘’Taun wingi kita coplok jalaran ora fungsi,’’ kandhane Kepala Dishub Ngawi Anang Heri Prabowo wingi (28/10).
Sing ngenesake, wolu titik CCTV sing pangadaane wiwit tahun 2014 kuwi jebule wis mati wiwit taun 2019 kepungkur.
Wolu titik tanpa CCTV kuwi kasebar ing Prapatan Kartonyono, Protelon Banyakan, Prapatan Siliwangi lan Prapatan Kandangan.
Uga ing Protelon Jalan Dokter Wahidin, Prapatan Tiara, Protelon Tawun lan Prapatan Jalan Trunojoyo, sing kabeh rame lalu lintase.
Alesan CCTV kuwi dicoplok, saliyane ora fungsi lan ora ana anggaran pemeliharaan, uga saran BPK supaya dihapus.
Anang nambahi yen bakal diusulake ing APBD 2025 jalaran kaanane CCTV ing pirang-pirang dalan protokol kuwi penting.
Miturut tugas pokoke, Dishub Ngawi mbantu nindakake pangawasan arus lalu lintas, wiwit kalancaran lan kapadhetane.
Saliyane kuwi uga ngawasi tumindake pangguna lalau lintas. Utamane bab anane pelanggaran lalu lintas utawa ora.
Ora mung kuwi, kaanane CCTV uga bisa mbyantu pihak kepolisian ing upaya ngonangi utawa mbukak prekara kejahatan.
Uga bisa ngrekam kadadean sing ora dikepinganake, contone kaya kecalakaan lalu lintas (laka lantas) utawa tabrak alri.
‘’Sejatine ya penting banget kanggo pangawasan lalu lintas uga mbyantu pihak kepulisian,’’ Anang mungkisi katerangane. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono