Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Trem Baterai Produk Inka Madiun sing Bakal Dioperasekake ing Kota Solo Dirancang wiwit 2018

Satmiko Supraptono • Kamis, 31 Oktober 2024 | 19:30 WIB
ILUSTRASI: Prototipe trem baterai nalika diuji coba ing jalur KA neng Stasiun Madiun taun 2020 kepungkur. (ANTARANEWS)
ILUSTRASI: Prototipe trem baterai nalika diuji coba ing jalur KA neng Stasiun Madiun taun 2020 kepungkur. (ANTARANEWS)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Trem baterai Produk PT Industri Kereta Api (Inka) Madiun bakal diuji coba neng Kota Solo.

Malah pihak PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 6 Yogyakarta ngonfirmasi yen ana potensi bakal dioperasekake ing Kota Solo.

Saengga Kota Solo bakal kacathet ing sejarah anyar minangka kutha kasiji sing ngoperasekake trem bateri produk dalam negeri.  

Lakune trem baterai iki luwih alus uga ora brisik dibandhingake kereta api (KA) sing digeret lokomotif (diesel).

Wektu kuwi, prototipe dirancang mung rong gerbong. Disedyake kursi lan cekelan tangan kanggo penumpang ngadeg.

Uji coba uga dileksanake nganti kaping puluhan ing jalur Inka kanggo ngukur kakuatan baterai minangka tenaga utamane.

Ing akir 2020 kepungkur uga wis diuji coba ing jalur KA kanggo ngukur performansi sadurunge diproduksi massal.

Uji coba kapisan kuwi dileksanakake ing jalur Stasiun Madiun-Stasiun Babadan bolak-balik sanajan isih thimik-thimik lakune.

Wektu kuwi kacepatane isih mung 15 kilometer per jam lan terus dikembangake lan ditargetake nganti 60 kilometer per jam.

Saliyane kanggo nglakokake trem, tenaga baterai uga kanggo sumber energi AC, kompresor, lan lampu penerangan.

Prototipe sing diuji coba kuwi kapasitas bateraine 30 KWh sing butuh wektu 3 nganti 4 jam kanggo ngisi daya.

Sawetara jarak tempuh sepisan ngisi baterai kebak bisa nganti 25 kilometer adohe saengga cocog kanggo perkotaan.

Prototipe trem baterai kuwi uga dianggep cocog dioperasekake ing daerah sing ora duwe jalur catenary utawa aliran listrik ing ndhuwure.

Trem baterai iki ora mung bakal dipasarake ing dalam negeri nanging uga menyang luar negeri yen wis diproduksi massal.

Wektu kuwi, pihak Inka malah kandha yen Pemprov Bali wis teken MoU. Sawetara, daerah liyane kaya Jakarta uga kesengsem.

Uji coba ing jalur KA uga terus dileksanake nganti keri-keri iki, sing paling kerep wis mesthi wae neng tlatah Kota Madiun. (sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#jakarta #baterai #yogyakarta #industri Kereta Api #uji coba #inka #kota madiun #kai #stasiun #trem #kota solo #Bali