NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun - Bencana kekeringan ekstrem ing tlatah Kabupaten Ngawi tansaya ndadra sanajan wis wiwit ana udan.
Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Ngawi nyathet ana 4.000-an jiwa saka 832 keluarga keluarga (KK) ngalami krisis air bersih.
Ewon warga kuwi kasebar ing tlatah 13 desa neng nem kecamatan sing klebu ngalami dampak kekeringan ekstrem.
Miturut Kasi Kedaruratan BPBD Ngawi Partoyo, pihake terus nindakake dropping air bersih ing desa-desa kuwi.
Saben seminggu pindho nganti kaping telu gentenan ing tlatah sing krisis air bersih dampak kekeringan ekstrem.
Prediksi Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofiska (BMKG) akir Oktober iki wis ngancik mangsa rendheng (penghujan).
‘’Nanging nyatane Ngawi isih ketiga (kemarau). Dadi ora bisa diprediksi nganti kapan krisis air berish iki,’’ kandhane wingi (30/10).
Krisis air bersih, sambunge, uga jalaran sumur warga garing merga eksploitasi air tanah kanggo irigasi pertanian.
Akehe sumur dalam (irigasi) nyebabake permukaan air tanah tansaya mudhun saengga sumur warga dadi garing sring.
Sawetara Ila Anjarwati, warga Desa Kayutrejo, Kecamatan Widodaren kepeksa umbah-umbah nganggo banyu bantuan BPBD.
Jalaran sumure garing wiwit limang wulan kepungkur. ‘’Yen ora ana bantuan, warga umbah-umbah nganggo banyu (irigasi) sawah,’’ jarene.
13 desa sing kena dampak kekeringan ekstrem:
- Desa Banjarbanggi, Kecamatan Pitu
- Desa Cantel, Kecamatan Pitu
- Desa Papungan, Kecamatan Pitu
- Desa Ngancar, Kecamatan Pitu
- Desa Jagir, Kecamatan Sine
- Desa Bringin, Kecamatan Bringin
- Desa Suruh, Kecamatan Bringin
- Desa Sumberbening, Kecamatan Bringin
- Desa Kenongorejo, Kecamatan Bringin
- Desa Kerek, Kecamatan Ngawi
- Desa Ngawi Purba, Kecamatan Ngawi
- Desa Gunungsari, Kecamatan Kasreman
- Desa Kayutrejo, Kecamatan Widodaren. (sae/sat)