SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana Raja Keraton Kasunanan Surakarta Hadinigrat sing duwe gelar pahlawan nasional.
Minangka pangurmatan jasa-jasa perjuangane dibiji perlu nggawe monumen utawa patung ing Kota Solo, Jawa Tengah.
Mula Lembaga Dewan Adat (LDA) Keraton Surakarta ngusulake supaya Pemkot Surakarta mbangun patung raja-raja kuwi.
Ketua LDA Keraton Surakarta GKR Wandansari Koes Moertiyah ngonfirmasi bab usulan menyang pemkot kuwi.
Miturut dheweke ana loro Raja Keraton Surakarta Hadiningrat sing wis duwe gelar pahlawan nasional.
Yakuwi, Paku Buwono (PB) VI lan PB X. Patung PB VI wis ngadeg ing tlatah Selo, Kabupaten Boyolali, wiwit 2021.
‘’Nanging kena apa malah (Pemkot) Solo ora duwe inisiatif kaya ngono kuwi?’’ pitakone Gusti Moeng, timbalan akrabe.
Mula dheweke meling marang wali kota Solo sing anyar mengko supaya gelem mikirake lan nggawe patunge Sinuhun.
Saliyane kuwi, pihak keraton uga bakal ngusulake Sinuhun PB XI lan PB XII supaya diwenehi gelar pahlawan nasional.
Gusti Moeng uga nyebutake yen persyaratan kanggo ngajokake gelar pahlawan nasional kuwi wis disiapake.
‘’Naskah lan bukti pandhukunge uga wis siap, mengho kari bareng-bareng karo pihak akademisi,’’ sambunge.
Rencanane, bakal diajokake taun ngarep. PB XI lan PB XII dianggep duwe peran penting ing proses kemerdekan RI.
PB X nate ngleksanake perjalanan saka Ende nganti Nias kanggo nyawijekake tekad perubahan ing Nuswantara.
Yakuwi melu urun rembug ing ngadege negara berdaulat sing bareng-bareng disengkuyung kerajaan-kerajaan ing Nuswantara .
PB XI sing nugasake para pejabat keraton cacah 14 kanggo mbentuk BPUPKI kanggo nyiapake kemerdekaan RI.
Sawetara PB XII ngetokake maklumat kanthi nyawijekake tlatah kerajaan-kerajaan karo NKRI.
Saengga, miturut Gusti Moeng, Sinuhun PB X sing bareng-bareng nggandheng kerajaan lan PB XII sing ngeksekusi.
PB XI ing risalah BPUPKI bab 15 uga melu nemtokake menawa NKRI nggunakake gendera merah putih. (atn/nik)
Editor : Satmiko Supraptono