MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Kabupaten Magetan kondhang minangka sentra pangasil sayur mayur ing tlatah Madiun Raya.
Maneka jinis komoditas tanduran hortikultura tuwuh subur ing tlatah perengane Gunung Lawu, Jawa Timur, iki.
Mula Dinas Tanaman Pangan, Holtikultura dan Perkebunan (DTPHP) Kabupaten Magetan menehi wigati marang para petani.
‘’Ana pendampingan uga pelatihan kanggo ningkatake produksi,’’ kandhane Kepala DTPHP Magetan Uswatul Chasanah.
Pirang-pirang jinis bantuan uga disalurake kanggo para petani. Kaya demplot bawang merah kanggo ngukur produktivitas.
Ana bantuan cabai kanggo masyarakat minangka upaya nekan inflasi sing pangadaane saka para petani.
Saliyane bibit uga ana bantuan pupuk organik, sarpras jalan usaha tani (JUT) lan jaringan irigrasi lahan sayur mayur.
Ana, celukane wanita iki, nyebutake yen rega komoditas hortikultura sing fluktuatif kerep dadi kendalane para petani.
Kendala liyane, cuaca ora temtu. Saengga nyebabake serangan organisme penganggu tumbuhan (OPT) lan produksi suda.
Nanging, sanajan wis dadi sentra hortikultura ing tlatah Jawa Timur sisih kulon, produk Magetan durung bisa nembus pasar ekspor.
Sawetara Agus Yulianto, petani ing Desa Plumpung, Kecamatan Plaosan, nyebutake ana pirang-pirang produk unggulan.
Ketua Kelompok Tani Maju iki, kandha yen masyarakat kene serius nggeluti hortikultura wiwit 2019 kepungkur.
Alesane, cocog karo iklim lan hawane sing adhem. Saliyane kuwi, sayur mayur uga dibutuhake masyarakat akeh.
Alasan liyane, value hortikultura isih apik. Semono uga isih njanjekake kauntungan kanggo para petani.
Sanajan gedhene fluktuasi gumantung rega pasar. ‘’Yen regane apik, pangasilane petani ya lumayan,’’ jarene.
Miturut Agus yen nlateni dadi petani hortikultura kudu cerdas. Gelem ganakake riset utawa uji coba kanggo ningkatake produksi.
Dheweke ngarep-arep pemerintah nemtokake rega acuan. Saengga fluktuasine ora nganti njomplang. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono