PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun Madiun – Luwih becik njaga kesehatan sadurunge lara. Jalaran saiki maneka penyakit dadi ancaman serius.
Salah sijine gagal ginjal sing ora mung nyerang wong tuwa nanging uga tumrape bocah lan remaja utawa nom-noman.
Ing RSUD dr Darsono Kabupaten Pacitan, contone. Cacahe pasien sing kudu cuci darah rutin wis nguwatirake.
Miturut data sing karekam, wiwit Januari nganti September 2024, cacahe pasien gagal ginjal nganti 1.149 wong.
Jlentrehane, ana 552 pasien wadon lan 598 pasien lanang. Rata-rata saben wulan 145 pasien sing kudu cuci darah.
Humas RSUD dr Darsono Kabupaten Pacitan Johan Tri Putranto ngonfirmasi bab iki wingi (29/10).
Miturut dheweke, akeh pasien sing ngalami gagal ginjal wiwit nom. Yakuwi, antarane umur 20 nganti 60 taun.
Sing paling akeh umur 35 nganti 60 taun. ‘’Pasien remaja uga ana sing cuci darah (loundry day),’’ kandhane.
Johan nambahi, pasien sing kena masalah ginjal umume merga pola makan sing ora sehat lan kurang olahraga.
Mula pihake meling marang masyarakat pentinge ngetrapake pola hidup sehat wiwit dini utawa nalika isih nom.
Pihake uga rutin nindakake sosialisasi marang masyarakat bab pentinge njaga kesehatan ginjal sadurunge lara.
‘’Panyebab gagal ginjal kronis kuwi hipertensi, diabetes militus, asam urat lan batu ginjal,’’ Johan mungkasi katerangane.
Panyebab gagal ginjal kronis:
- Hipertensi
- Diabetes militus
- Asam urat
- Batu ginjal. (hyo/sat)