Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nguwatirake, TPA Sampah Kaliabu Kabupaten Madiun Mung Bisa Digunakake Kari 5,5 Wulan

Loditya Fernandes • Minggu, 3 November 2024 | 16:00 WIB
OVERLOAD: Kaanane TPA Sampah Kaliabu, Kabupaten Madiun, wis nguwatirake. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
OVERLOAD: Kaanane TPA Sampah Kaliabu, Kabupaten Madiun, wis nguwatirake. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Perkara sampah ing Kabupaten Madiun butuh wigati serius saka pemkab kene.

Jalarane kaanan Tempat Pemrosesan Akhir (TPA) Sampah Kaliabu mung bisa digunakake kurang saka setengah taun meneh.

Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kabupaten Madiun DLH Kabupaten Madiun Zahrowi ngonfirmasi bab iki.

Miturut dheweke, asumsi TPA Kaliabu isih 7,5 wulan kaetung saka Agustus. Saengga nganti wektu iki kari 5,5 wulan.

Miturut dokumen kajian, TPA Kaliabu iki ambane 1,265 hektar kanthi kapasitas digunakake 166.266 meter kubik.

Per Agustus wingi, daya tampung TPA jujugane sampah sa-Kabupaten Madiun iki kari nyisakake 34,309 meter kubik.

Saengga, maneka upaya bareng-bareng kanggo ngelola sampah ing Kabupaten Madiun iki kudu tansaya dikencengi.

Apameneh regulasine wis cetha. Ana perda pengelolaan sampah lan perbup pengelolaan sampah desa lan kelurahan.

‘’Uga wis ana perda bab panggunaan plastik lan styreofoam,’’ kandhane Zahrowi wingi (1/11).

Pemkab Madiun uga ngupayakake mbukak TPA anyar. Lokasine isih ing Desa Kaliabu, Mejayan, neng kawasan alas.

Forum Group Discussion (FGD) Studi Kelayakan utawa Feasibility Study (FS) wis dianakake wingenane (31/10).

FGD ditekani Pj Bupati Madiun, Kepala Cabang Dinas Kehutanan (CDK) Madiun, lan Administratur (Adm) Perhutani.

Nganti jajaran organisasi perangkat daerah (OPD) Pemkab Madiun, camat lan kades uga teka.

Asile FGD, pangadaan TPA anyar kuwi isih butuh wektu sing rada suwe. Paling cepet telung taun mangarep.

Miturut timeline, studi kelayakan lingkungan, pengurusan amdal lan liyane direncanakake ing 2025 mengko.

Sawetara penyusunan Detail Engineering Design (DED) ing 2026 lan studi kelayakan pembangunan ing 2027.

Minangka alternatif, ana opsi mbukak TPA anyar ing njabane kawasan hutan sing dadi aset pemkab.

Opsi liyane TPA Kaliabu diambakake. Opsi-opsi kuwi dianggep paling gampang uga luwih cepet.

‘’Saliyane kuwi kita uga ngupayakake pengelolaan sampah ing tingkat hulu dicepetake,’’ Zahrowi mungkasi katerangan. (odi/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#perbup #DLH #sampah #tpa #perda #bupati #kabupaten #Perhutani #madiun