Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kopi Gembuk Paling Apik Sa-Kabupaten Pacitan, Bakal Dikolaborasi karo Wisata Alam Pegunungan Tejo

Satmiko Supraptono • Minggu, 3 November 2024 | 19:30 WIB
ILUSTRASI: Kopi saka Desa Gembuk, Kecamatan Kebonagung, paling apik sa-Kabupaten Pacitan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Kopi saka Desa Gembuk, Kecamatan Kebonagung, paling apik sa-Kabupaten Pacitan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Kabupaten Pacitan sugih potensi sumber daya alam (SDA), klebu sektor perkebunan.

Salah sijine komoditas kopi ing tltah kidul kabupaten iki. Malah, Desa Gembuk, Kecamatan Kebonagung, duwe varietas unggulan.

Budi daya kopi ing tlatah iki wis mataun-taun dadi sumber panguripane sabagean akeh masyarakat kene.

Kira-kira ana 15.000 wit kopi produktif sing bisa ngasilake 4,5 ton kopi jinis robusta saben taun.

Kopi Gembuk duwe kadar air kiera-kira 15 persen lan dadi salah siji produk kopi sing paling apik ing Pacitan.

Rega kopi robusta Gembuk rata-rata Rp 55.000 per kilogram. Saliyane kuwi  panjalukane pasar uga wis gedhe.

‘’Petani wis paham yen kudu mroduksi kopi sing duwe kuwalitas,’’ kandhane Heri, salah siji petani kene, wingi (1/11).

Miturut dheweke dhukungan lan fasilitasi pemerintah penting kanggo ngembangake budi daya kopi minangka bisnis.

Utamane kanggo nyurung lan motivasi para generasi muda supaya ngoptimalake potensi desane.

Apameneh potensi SDA Desa Gembuk iki arang ditemoni ing tlatah liyane. ‘’Kudu dijaga kelestariane,’’ sambunge.

Petani kopi neng kene nyadari pentinge ngetrepake metode sing pas kanggo ningkatake kapasitas lan kuwalitas produksi.

Pola tanam sing biyen mung angger utawa asal-asalan saiki malih dadi budi daya sing wis nganggo aturan baku.

Wiwit saka milih bibit, penanaman, perawatan lan pengolahan kopi nganti siap dikonsumsi.

Pemerintah Desa Gembuk disurung terus maksimalake potensi kopi lan ningkatake kapasitas lan kuwalitas petani ing bab pemasaran.

Liwat budi daya kopi, pangarep-arepe masyarakat Desa Gembuk bisa urip luwih sejahtera sejahtera kabukak amba.

Mangarep pemerintah desa pingin madokake produk kopi robusta lan potensi wisata alam ing Pegunungan Tejo.

‘’Saengga bisa nuwuhake perekonomian lan kesejahteraan masyarakat,’’ kandhane Kepala Desa Gembuk Andi Dwi Pranoto. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #kopi #robusta #perkebunan #wisata #Kebonagung #kabupaten #kepala desa #sda