Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nguwatirake, Ewon Pasien Nekani Poli Jantung RSUD dr Darsono Kabupaten Pacitan Saben Wulan

Satmiko Supraptono • Senin, 4 November 2024 | 19:30 WIB
ILUSTRASI: Tenaga kesehatan ing poli jantung RSUD dr Darsono Pacitan ngoperasekake piranti elektronik. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Tenaga kesehatan ing poli jantung RSUD dr Darsono Pacitan ngoperasekake piranti elektronik. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun  – Serangan jantung koroner utawa coronary artery dieseas (CAD) isih dadi momok kang nggegirisi.

RSUD dr Darsono Pacitan nyathet, prevalensi pasien CAD sing nekani poli jantung cacahe nganti 1.281 saben wulan.

‘’Sabagean nglakoni rawat jalan,’’ kandhane Humas RSUD dr Darsono Pacitan Johan Tri Putranto wingenane (30/10).

Miturut dheweke, angkane pasien iki nuduhake menawa tren serangan CAD kuwi klebu nguwatirake.

Apameneh tansaya mundhak ing telung wulan keri iki. Ing wulan Juni ana 1.200 lan ing Juli ana 1.400 pasien.

Sawetara Agustus nganti September ana 630 pasien. ‘’Oktober isih durung mlebu etungan,’’ sambunge.

Johan nyebutake ana pirang-pirang faktor sing neybabake penyakit jantung koroner. Ing antarane tekanan darah tinggi lan kolesterol.

Uga trigliserida tinggi, diabetes, kelemon, kulina ngrokok, nganti peradangan pembuluh darah sing natoni dinding arteri.

Nalika arteri rusak, plak bakal luwih gampang kabentuk lan nyebakake dinding arteri luwih kandel lan sempit.

Pihake ngarep-arep pelayanan jantung bisa ditindakake mandiri guna mudhunake angka kamatian merga serangan jantung.

Penyakit jantung, sambunge, butuh pelayanan ekstra. Sawetara rumah sakit iki durung bisa nindakake operasi jantung terbuka.

‘’Masterplan kita, ing taun 2027 mengko wis bisa nglayani operasi jantung terbuka,’’ Jihan mungkasi katerangane.

Miturut datane WHO, jantung koroner minangka salah siji penyakit ora nular sing nyebabake kamatian paling dhuwur ing donya.

Ing 2015, kacathet ana luwih saka pitung yuta wong sing ninggal donya jalaran jantung koroner sadonya.

Sawetara ing Indonesia, ana luwih saka rong yuta wong sing duwe penyakit jantung koroner ing 2013.

Saka cacah kuwi, penyakit jantung koroner luwih kerep nyerang wong umur luwih saka 40 taun. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#koroner #pacitan #rsud #CAD #who #Darsono #jantung #pasien