Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ati-Ati! Sawulan Atusan Bocah lan Remaja neng Kabupaten Magetan Kaserang Penyakit Gondhong

Aprilita Sari • Minggu, 10 November 2024 | 19:30 WIB
ILUSTRASI: Ati-ati lelara gondhong nyerang akeh bocah lan remaja neng Magetan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Ati-ati lelara gondhong nyerang akeh bocah lan remaja neng Magetan. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Lelara (penyakit) ghondong (gondongan) utawa mumps lagi nyerang ing Kabupaten Magetan. 

Dinas Kesehatan (Dinkes) Magetan nyathet, lelara sing ndadekake gulu abuh iki umume nyerang bocah-bocah lan remaja.

Meh kabeh puskesmas ing Kabupaten Magetan nyathet anane penyakit gondhong ing wulan Oktober wingi.

Pj Surveilans Pencegahan dan Pengendalian Penyakit (P2P) Dinkes Magetan Dinik Ika Sari ngonfirmasi bab iki.

‘’Ing wulan Oktober wingi kacathet ana 344 kasus gondhong lan nganti Nopember iki isih ana,’’ kandhane wingenane (6/11).  

Miturut Dinik, penyakit mumps disebabake serangan virus paramyxovirus. Lelara iki uga bisa nular.

Panularane bisa liwat kontak langsung utawa liwat idu (air liur) utawa droplet yen kontak saruangan.

Kanggo tamba, salah siji carane kanthi ningkatake daya tahan tubuh utawa imun lan ngombe banyu sing cukup.

Kemu nganggo banyu uyah sing anget, mangan panganan sing empuk lan sing gampang dipamah.

‘’Saliyane kuwi uga perlu ngonsumsi obat antidemam utawa pereda nyeri,’’ sambunge Dinik. 

Cara liyane, ajeg wisuh (cuci tangan) karo sabun sing banyune mili, ora nganggo piranti adus bareng utawa mangan karo sing lara.

Uga ngetrepake etika watuk, kaya nutup cangkem lan irung nganggo tisu nalika watuk lan wahing (bersin).

Yen ana bocah umur sekolah ngalami utawa kena gejala mumps kudu diisolasi mandiri neng omah.

Uga bisa ngleksanake pembelajaran jarak jauh (PJJ) ing omah nganti mari supaya ora nulari kanca sekolahe.

Saliyane kuwi, kanggo nyegah bisa ditindakake kanthi vaksinasi MMR (mumps, measles, rubella).

Sanajan vaksinasi iki durung dadi program nanging bisa ditindakake mandiri ing dokter utawa rumah sakit swasta.

‘’Yen kena gondhong, penderita kudu nganggo masker minangka antisipasi viruse nyebar,’’ Dinik mungkasi katerangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#dinkes #magetan #Menular #isolasi #gondongan #pjj #kabupaten #remaja #virus