Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Nyegah Banyu Mbludak ing Permukiman, Welasan Titik Saluran Air ing Kota Madiun Dinormalisasi

Anggiyan Bayu • Minggu, 10 November 2024 | 16:00 WIB
CEGAH BANJIR: DPUPR Kota Madiun normalisasi saluran air kanggo mbalekake fungsine. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
CEGAH BANJIR: DPUPR Kota Madiun normalisasi saluran air kanggo mbalekake fungsine. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Mangsa rendheng (penghujan) teka, potensi bencana hidrometeorologi perlu diantsipasi.     

Pemkot Madiun coba nindakake mitigasi kanthi menehi wigati kusus babagan saluran air ing mangsa rendheng.

Dinas pekerjaan umum dan penataan ruang (DPUPR) kene ngupayakake normalisasi pirang-pirang saluran air.

Kaya neng Jalan Borobudur, Kelurahan Madiun Lor, Kecamatan Manguharjo, sing dawane 200 meter.

Plt. Sekretaris DPUPR Kota Madiun Dwi Setyo Nugroho ngonfirmasi bab proyek iki wingenane (7/11)

Miturut dheweke, progres garapan wis 12,6 persen rampung, malah surplus kira-kira rong persen saka target.

Inug, celukane pejabat iki, nyebutake yen normalisasi saluran air uga nyasar neng 14 titik liyane ing Kota Madiun.

Wektu iki, garapan mlaku bareng kanthi duwe progres dhewe-dhewe. Pirang-pirang titik lagi digarap seminggu keri iki.

Ora mung kuwi, pihake uga normalisasi kali. Wiwit saka Jalan Flores, Jalan Anggrek, nganti Jalan Teratai.

Alesane, kapasitas kali kasebut tansaya suda kena dampak endapan material lemah sing kagawa iline banyu.

Pangerukan sedimentasi uga dileksanake pirang-pirang tahap wiwit saka hulu nganti hilir kali.

Titik sing dikeruk sedimentasine ditemtokake saka asil evaluasi kali sing mbludak lan nyebabake banyu nyembong Januari kepungkur.

Jebule, kali ngalami sedimentasi nganti kira-kira sameter kandele. Saengga kapasitas eksisting suda akeh.

Mula kanggo mbalekake eksisting utawa fungsi samesthine, endapan sing lumayan kandel banjur dikeruk.

Inug ngeklem DPUPR ajeg nganakake pangawasan saluran air lingkungan lan kaanane kali.

Banjur diidentifikasi tingkat sedimentasine. Yen endapane dibiji kandel, alat berat diterjunake kanggo ngeruk.

‘’Iki minangka antisipasi lan cegah dini sadurunge ana babagan sing ora dikepinginake kadaden,’’ Inug mungkasi katerangane. (ggi/den)

Editor : Satmiko Supraptono
#DPUPR #penghujan #kota madiun #saluran air #sedimentasi #bencana #pemkot #Normalisasi #hidrometeorologi