Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kampung Batik Kauman Kota Solo Ditata Dadi Luwih Apik, Ngene Pangarep-arepe Pelaku Usaha

Satmiko Supraptono • Rabu, 13 November 2024 | 23:00 WIB
MEH RAMPUNG: Proyek panataan Kampung Batik Kauman Kota Solo isih digarap. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
MEH RAMPUNG: Proyek panataan Kampung Batik Kauman Kota Solo isih digarap. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Upaya Pemkot Surakarta, Jawa Tengah, nata Kampung Batik Kauman wis meh rampung. 

Malah para pangusaha batik neng kene wis ora sabar meneh ngenteni asile panataan dalan lingkungan lan kawasan iki.

Para pangusaha batik ngarep-arep aksesbilitas wisatawan tumuju kampung batik iki bisa tansaya luwih apik.

Gunawan Setiawan, salah sajine. Dheweke kandha yen para pelaku usaha batik Kauman ngarep-arep kaanan sing luwih apik.

Sawise kawasan iki ditata bisa ngrangsang luwih akeh wisatawan nekani Kampung Batik Kauman sing dadi ikone Kota Solo iki.

‘’Akeh wisatawan sing mrene malah pingin foto-foto sacedhake traktor sing nggarap proyek,’’ kandhane wingi (11/11).

Ora mung saka Kota Solo lan sakubenge, nanging uga akeh sing teka saka luar daerah uga adoh-adoh.

Gunawan nambahi, masyarakat antusias karo anane panataan iki. Jalaran tansaya ngompliti upaya panataan 2008 kepungkur.

Nalika kuwi, panataan mung nyenggol bangunan omah-omah kuna ing tlatah Kampung Batik Kauman kene.

Wektu iki dibiji tansaya bagus jalaran dikompliti panataan lanskap kanthi ornamen sing bisa narik industri pariwisata.

Para palaku usaha batik nggegadhang panataan iki ndadekake  aksesbilitase luwih apik meneh.

Ing saengga, becak bisa mlebu kampung. Semono uga dokar, apameneh kendarana roda papat utawa mobil.

Saengga, warga Kampung Batik Kauman bisa ngira-ngira apa sing kudu ditumindakake ing mangarepe.

Contone, kaya mbukak warung kuliner lan liya-liyane. ‘’Kita uga pingin dalan neng kampung kene didandani,’’ sambunge.

Kabid Kawasan Permukiman Disperkim dan Pertanahan Kota Surakarta Bambang Budi Santosa uga ngofirmasi bab iki.

Miturut dheweke, panataan kawasan Kampung Batik Kauman, kususe Jalan Wijaya Kusuma iki dawane 356 meter.

Proyek iki digarap nganggo dana hibah saka Uni Emirat Arab (UEA) sing gedhene Rp 3,47 milyar.

Proses kontruksine diwiwiti ing 23 Agustus 2024 kepungkur lan ditargetake rampung akir Desember mengko.

Sing digarap wiwit normalisasi drainase nganti paningkatan dalan nggunakake rigid beton.  

Uga pamasangan watu andesit, ornamen batik kawung, lan lampu hias supaya kawasan iki tansaya endah.

‘’Mengko uga ana spot-spot foto sing menarik kanggo wisatawan,’’ Bambang mungkasi katerangane. (ves/bun)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #jawa tengah #Disperkim #kampung batik kauman #kota #pemkot #madiun #surakarta