NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Jebule pirantine Pemadam Kebakaran dan Penyelamatan (Damkarmat) Ngawi durung komplit.
Buktine nalika ngevakuasi korban kecemplung sumur ing tlatah Kecamatan Bringin lan Geneng durung suwe iki.
Nalika kuwi Satpol PP dan Damkar Kabupaten Ngawi kudu nyilih piranti saka relawan tim search and rescue (SAR).
Jalarane ora duwe piranti safety kanggo ngevakuasi yen ana kadadean kacilakan banyu kaya korban kecemplung sumur.
Saengga nalika ana kadadean, ora bisa langsung tumindak nanging kudu koordinasi karo organisasi relawan SAR.
Kepala Satpol PP Ngawi Rahmad Didik Purwanto ngonfirmasi bab ora duwene piranti penting iki wingi (12/11).
‘’Kita pancen isih gumantung lan nyilih saka organisasi relawan SAR sing duwe piranti komplit,’’ kandhane.
Miturut Didik ana pirang-pirang jinis piranti safety kanggo ngevakuasi korban sing kecemplung sumur.
Contone kaya blower sing digunakake kanggo nyedhot gas sing ngandhut racun lan kanggo masok oksigen.
Uga panyangga tripod minangka pondasi utamane tali wernes komplit sataline, helem lan lampu senter.
Ora mung kuwi, piranti kanggo ngevakuasi korban kacilakan banyu (kecelakaan air) sing klelep uga ora duwe.
Wiwit perahu LCR utawa perahu karet nganti alat standar panyileman. Saengga ndadekake pihake ora bisa satset watwet.
Apameneh tlatah ing Ngawi ana Bengawan Solo, Bengawan Madiun uga telu waduk sing kerep ana kadadean wong klelep.
Piranti kanggo ngevakuasi ula, tawon nganti kanggo ngethok ali-ali uga mung saanane sing tukune kanthi urunan petugas damkar.
Alat pelindung diri (APD) kanggo ngevakuasi tawon uga nggunakake APD damkar, dudu APD kusus.
Kendaraan operasional kusus uga ora duwe, saengga kapeksa nggunakake mobil operasionale damkar.
Kamangka, ing 2024 nganti Agustus wingi wae ana 289 kasus sing ditangani Damkarmat Satpol PP Ngawi.
‘’Sejatine kita terus ngusulake kanggo nyukupi piranti safety kuwi, nanging durung direalisasi,’’ Didik mungkasi katerangane. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono