KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Tingkat penghunian kamar (TPK) hotel bintang ing Kota Madiun mlorot.
Kaananan iki kagambar saka cathetane Badan Pusat Statistik (BPS) Kota Madiun ing wulan Agustus lan September wingi.
Ing Agustus kepungkur TPK 54,25 persen, banjur mudhun dadi 53,41 persen ing wulan September wingi.
Kaanan iki kosok balen karo TPK hotel nonbintang. Saka 21,33 persen (Agustus) dadi 21,88 persen (September).
Apa panyebabe? Kepala BPS Kota Madiun Abdul Aziz menehi konfirmasi bab iki wingi (12/11).
Miturut dheweke, mudhune TPK hotel bintang iki luwih disababake minime event gedhen lan sing duwe kelas.
Yen ana, mung event sing sipate short time. Saengga wisatawan njaba daerah ora nganti nginep suwe neng hotel.
Saliyane kuwi, event sing digelar uga minim nglibatake peserta saka njaba daerah alias mung tingkat lokal.
‘’Nalika ana event suwene 2–3 dina lan nglibatake peserta njaba daerah, potensi nginep bakal luwih suwe,’’ kandhane.
Sawetara yen pesertane mung warga Kota Madiun, wis mesthi ora perlu nginep jalaran langsung bisa mulih.
Mula pihake nyaranake pemkot supaya nggelar event sing duwe kelas lan nglibatake peserta saka njaba daerah.
Saliyane bisa ndhongkrak TPK uga bisa mbanterake mutere dhuwit. ‘’Biasane TPK hotel dhuwur ing momen-momen katamtu,’’ Aziz mungkasi kateranagen. (err/her)
TPK HOTEL BINTANG
- Januari: 57,82 persen
- Februari: 67,27 persen
- Maret: 55,59 persen
- April: 63,22 persen
- Mei: 57,89 persen
- Juni: 53,35 persen
- Juli: 57,19 persen
- Agustus: 54,25 persen
- September: 53,41 persen
Baca Juga: WARTA JAWA | Status Kota Layak Anak sing Disandhang Kota Madiun Diaudit Tim Kemen PPPA, Piye Asile?
TPK HOTEL NONBINTANG
- Januari: 25,67 persen
- Februari: 21,38 persen
- Maret: 21,09 persen
- April: 30,41 persen
- Mei: 22,95 persen
- Juni: 21,56 persen
- Juli: 21,74 persen
- Agustus: 21,33 persen
- September: 21,88 persen
Editor : Satmiko Supraptono