KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Bangunan gedung dhuwur bakal luwih akeh neng Kota Madiun.
Ora mung pirang-pirang bangunan hotel bintang sing wis ngadeg lan lagi dibangun ing wektu iki.
Pemerintah Kota (Pemkot) Madiun uga duwe angen-angen ngedegake gedung tingkat 10 ing tengah kutha.
Malah angen-angen kuwi wis mlebu ing Rencana Pembangunan Jangka Panjang Daerah (RPJPD) 2025-2045.
Wacana mbangun gedung pusat perkantoran, perdagangan lan jasa iki bakal diwujudake paling suwe 20 taun mengarep.
Gedung sing bakal disulap ana ing sebrange balai kota sing wektu iki isih dikontrak Inul Vizta lan Pizza Hut.
Bab iki dikonfirmasi Kepala Badan Perencanaan, Penelitian, dan Pengembangan Daerah (Bapelitbangda) Kota Madiun Suwarno.
Miturut dheweke, kawasan Pahlawan Street Center (PSC) tata ruange arupa perkantoran uga perdagangan lan jasa.
‘’Mangarep bakal dibangun gedung sing dhuwure tingkat sepuluh,’’ kandhane Suwarno wingi (16/11).
Dheweke nyebutake ana pirang-pirang konsep bangunan gedung. Salah sijine saemper karo menara Burj Khalifa.
Rencana iki bakal digarap yen kontrake Inul Vizta lan Pizza Hut rampung ing taun 2026-2027 mengko.
Yen kontrake rampung, pemkot bakal golek investor sing gelem mbangun. Dadi, ora nggunanake APBD.
Adhedhasar tata ruang, rencana pembangunan gedung pusat perkantoran kuwi duwe potensi bisnis cukup gedhe.
Kantong parkir ing pirang-pirang tingkat gedung kuwi uga dadi solusi ngudari babagan parkir ing kawasan PSC)
Pemkot uga bakal ngurus rekomendasi saka TNI AU bab kawasan keselamatan operasi penerbangan (KKOP).
Jalaran dhuwure nganti sepuluh tingkat. ‘’Yen wis mesthi, kita bakal urus rekomendasine,’’ Suwarno mungkasi katerangane. (ggi/den)
Editor : Satmiko Supraptono