PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Plataran Kejaksaan Negeri (Kejari) Kabupaten Ponorogo dadi garasi bis?
Aja gumun. Iki ana sesambungane karo perkara dugaan korupsi dana Bantuan Operasional Sekolah (BOS) SMK PGRI 2 Ponorogo
Kejari nyita bus pitu lan kendaraan rodha papat cacah telu jalaran diduga ana sesambungane karo perkara sing ditangani.
Kabeh kendaraan diparkir ing plataran Kejari Ponorogo, Kemis (21/11), minangka barang bukti (BB) sing kasil diamanake.
Miturut Kasi Intelijen Kejari Ponorogo Agung Riyadi, kendaraan kuwi disita siji-siji wiwit Rebo (20/11) sore.
Panyitaan ditindakake saka para pihak sing ana sesambungane karo dugaan perkara panyalahgunaan dana BOS kuwi.
‘’Kita durung bisa nyebutake kanthi rinci saka ngendi wae bis lan kendaraan sing kita sita iki,’’ kandhane Agung.
Pihake uga ngundang UPT Balai Pengujian Kendaraan Bermotor Kementerian Perhubungan (Kemenhub) kanggo mreksa kondisine.
Klebu uji KIR lan mesthekake bis sing ana tulisane PT Alvaro Satya Trans lan surat-surat kendaraan miturut dokumene.
Pihake uga isih golek bukti-bukti liyane, lan isih ana kamungkinan ana tambahan kendaraan liya sing bakal disita.
Sawetara isih bis cacah pitu kuwi, ana kamungkinan bisa tambah saka asile pangembangan perkara rasuah iki.
Agung mesthekake bakal ngrampungake indikasi perkara rasuah iki. Nganti saiki pihake wis mreksa 16 saksi.
Saliyane saka internal SMK PGRI 2 Ponorogo, saksi saka Cabdindik Jatim Wilayah Ponorogo-Magetan uga dipreksa.
‘’Kita isih ngembangake perkara iki supaya luwih cetha. Isih ana dokumen sing kita goleki,’’ Agung mungkasi katerangane.
Barang Bukti sing Disita Kejari Ponorogo:
- 6 bis gedhe (big bus)
- 1 bis sedhengan (medium bus)
- 2 Toyota Avanza
- 1 Mitsubishi Pajero. (gen/kid)