Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tari Jaran Kepang Solo sing Tansah Ngugemi Pakem Klasik lan Ngetutake Jaman, Ngene Filosofine

Satmiko Supraptono • Senin, 25 November 2024 | 19:30 WIB
ILUSTRASI: Penampilan tari jaran kepang saka salah siji sanggar ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ILUSTRASI: Penampilan tari jaran kepang saka salah siji sanggar ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun - Masyarakat Jawa wis mesthi weruh tari jaranan. Nanging durung mesthi weruh filosofine.

Tari iki klebu salah siji kesenian rakyat tradisional sing nggambarake prajurit panunggang jaran (kuda).  

Wiwit saka tlatah Jawa Timur nganti Jawa Tengah lan Yogyakarta ana kesenian iki sanajan wujud lan versine beda-beda.

Sing mesthi, piranti jaran kanggo tunggangane para penari biasane kagawe saka anyaman pring (kepang).

Jaran-jaranan saka kepang sing duwe variasi werna lan ukuran iki dikempit ing antarane loro sikile penari.

Ing Kota Solo, Jawa Tengah, tarian tradisional sing wiwit langka iki coba diuripake meneh ing masyarakat.

Salah siji sanggar sing tlaten mentasake tari jaran kepang iki yakuwi Enggal Condong Turonggo Sakti.

Sanggar iki wis nate tampil ing pirang-pirang panggonan. Salah sijine ing Pura Mangkunegaran Solo.

Budi Yanto, sing ngedegake Sanggar Enggal Condong Turonggo, menehi katerangan bab tarian iki.

Miturut dheweke, tari jaran kepang iki nggambarake prajurit panunggang jaran jaman biyen utawa para kesatria pasukan berkuda.

Tarian iki didiwiti saka ngambarake siap maju perang. Kaya mbenerake sandhangan, nata sabuk, nguatake tali lan nunggang jaran.

Versi Solo, tetabuhane tari iki biyen mung bendhe cacah telu lan kendhang. Nanging banjur dimodifikasi nganggo gamelan komplit.

Budi sengaja nggunakake gamelan komplit kanggo ngiringi tarian iki, kaya ditambahi saron lan liya-liyane.

Nanging materi tariane isih nggunakake versi lawas sing rada dawa. Sepisan tampil bisa nganti limang babak.

Wiwit tari jaran kepang, kesurupan, atraksi, adu penthul, nganti tari barongan ndhas kewan, kaya macan utawa sapi.

Tarian iki uga samejana (sederhana) alias ora njlimet utawa angel gerakane, mung ngetutatake tetabuhan.

Sawetara kesurupan lan atraksi mangan kembang, beling, lan dolanan pedhang mung minangka panglipur (hiburan).

Sanajan tariane isih ngugemi pakem klasik, sanggar iki uga ngetutake jaman. Contone, kaya make-up lan kostum.

Pakem klasik kanggo ngurmati para leluhur sing nyipta tarian iki. Sawetara ngetutake jaman supaya bisa ditampa generasi saiki. (nis/nik)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #yogyakarta #jawa tengah #mangkunegaran #tari jaranan #jawa #jawa timur #madiun #kesenian #tradisional