Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sawise Leren Patang Taun, Pemilihan Duta Pemuda Kethuk Kenang Pacitan Digelar Meneh

Satmiko Supraptono • Kamis, 5 Desember 2024 | 22:30 WIB
TALENTA: Grand final Pemilihan Duta Pemuda Kethuk Kenang Pacitan 2024, Setu (30/11). (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
TALENTA: Grand final Pemilihan Duta Pemuda Kethuk Kenang Pacitan 2024, Setu (30/11). (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ajang pamilihan Duta Pemuda Kethuk Kenang Pacitan digelar meneh taun iki (2024).

PamIlihan putra-putri sing bakal dadi duta wisata lan pemuda iki sadurunge leren patang taun gegara pageblug Covid-19.

Grand final dileksanakake ing auditorium Museum dan Galeri Seni SBY*Ani, Setu (30/11) bengi, kanthi meriah. 

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayuaji menehi apresiasi kusus tumrap kagiatan sing positip kanggo generasi muda iki.

Kagiatan iki minangka upaya milih duta sing bisa ngenalake potensi pariwisata uga pendidikan ing Kabupaten Pacitan.

Dheweke ngarep-ngarep bisa menehi sumbangsih gagasan kreatif kanggo nggawa Kabupaten Pacitan dadi luwih apik.

‘’Muga-muga migunani tumrape kamajuan Kabupaten Pacitan,’’ kandhane Mas Aji, timbalane bupati Pacitan iki.

Miturut dheweke, wektu iki Pacitan lagi nemahi bonus demografi. Yakuwi, penduduk usia produktif sing luwih akeh.

Mas Aji uga ngarep-ngarep para duta pemuda lan wisata iki bisa nyuwarakake kabeh potensi sing diduweni Pacitan.

Kepala Dinas Pariwisata, Kebudayaan, Pemuda dan Olahraga (Disparbudpora) Pacitan Turmudi, nambahi katerangan.  

Pemenang Duta Pemuda Kethuk Kenang Pacitan ini bakal dadi duta ing ajang pamilihan Raka Raki Provinsi Jawa Timur.

Saliyane dijupuk juara Kethuk Kenang (putri-putra) 1 dan 2, uga dipilih juara favorit lan best supporter.

Miturut dheweke, ajang iki tansah entuk atensi serius lan dienteni para generasi muda putra-putri daerah Pacitan.

Ana 60 peserta sing melu ajang Duta Pemuda Kethuk Kenang Pacitan iki sing banjur diseleksi kanthi ketat.

Nganti diperes kari 10 Kethuk (putri) lan 10 Kenang (putra) sing duwe hak mlebu ing babak grand final. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #kethuk #wisata #kebudayaan #Pariwisata #Covid-19 #bupati #Raka Raki #Kenang #jawa timur #Disparbudpora #Duta pemuda