Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sawise Diakoni UNESCO, Reog Ponorogo Wajib Dijaga Amrih Tansah Lestari lan Ora Nganti Punah

Satmiko Supraptono • Jumat, 6 Desember 2024 | 16:00 WIB
GAWE BANGGA: Reog Ponorogo resmi diakoni UNESCO minangka warisan budaya tak benda saka Indonesia. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
GAWE BANGGA: Reog Ponorogo resmi diakoni UNESCO minangka warisan budaya tak benda saka Indonesia. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

PONOROGOJawa Pos Radar Madiun – Reog Ponorogo wis resmi diakoni UNESCO minangka warisan budaya tak benda (WBTB).

Momen iki wis mesthi nglegakake lan maremake bangsa Indonesia, kususe masyarakat Kabupaten Ponorogo.  

Jalaran ora gampang, butuh perjuangan lan wektu dawa kanggo ngentukake pangakuan saka tingkat dunia iki.

Saka asil sidang ing Paraguay, Rebo (4/12), UNESCO resmi ngakoni Reog Ponorogo minangka WBTB saka Indonsia sing ka-14.

Ora lidok Bupati Ponorogo Sugiri Sancoko bungah sumringah lan nganggep status WBTB iki mbanggakake Ponorogo.

Status sing diperjuangake wiwit 2022 kuwi uga dadi spirit kanggo para seniman supaya tansaya nglestarekake reog.

‘’Reog sing kita tresnani, akire lulus lan ditetepake minangka WBTB UNESCO,’’ kandhane Kang Giri, timbalane bupati. 

Miturut dheweke, iki minangka asil perjuangan dawa sing diiwiwti para bupati Ponorogo sadurung-sadurunge.

Status sing diakoni UNESCO iki, sambunge Kang Giri, dadi kebangkitane Reog Ponorogo ing kancah donya.

Saliyane minangka seni pertunjukan, dheweke ngarep-ngarep status iki melu nyurung ekonomi ing Bumi Reog (Ponorogo).

‘’Rekasane para seniman wis mesthi luar biasa, kita pemerintah mung ngeterake  lan mbyantu nggolekake dalan,’’ jarene.  

Kepala Dinas Kebudayaan, Pariwisata, Pemuda dan Olahraga (Disbudparpora) Ponorogo Judha Slamet Sarwo Edi ora kalah bungah.

Dheweke nambahi yen UNESCO nglebokake Reog Ponorogo ing kategori In Need of Urgent Safeguarding.

Tegese perlu entuk pangayoman donya supaya ora punah. Pemkab uga wajib nglapurake upaya palestarian saben rong taun sepisan.

Dheweke nyebutake kolaborasi lan palestarian wektu iki uga dadi tanggung jawab bareng-bareng. 

‘’Action plan uga wis kita wiwiti kaya ngenalake lan mentasake reog wiwit sekolah dasar (SD),’’ Judha mungkasi katerangane. (gen/kid)

Editor : Satmiko Supraptono
#disbudparpora #kebudayaan #Pariwisata #bupati #unesco #Reog #wbtb #warisan budaya tak benda #ponorogo