KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Mangsa rendheng (penghujan) nyebabake bencana ing Kabupaten Madiun.
Udan deres sing nggrujug tlatah kabupaten iki wiwit Kemis (5/12) sore nyebabake pirang-pirang kali mbludak.
Saengga akeh panggonan sing kebanjiran. Salah sijine sing kena dampak parah ing tlatah Kecamatan Saradan.
Mbludake banyu kali nganti ngekum dalan nasional Madiun-Surabaya, saengga ndadekake lalu lintas macet telung kilometer.
Wakapolsek Saradan Iptu Agus Riyanto menehi katerangan lan konfirmasi bab banjir ing jalan raya iki.
Miturut dheweke, banjir iki kiriman saka perengan Gunung Wilis tlatah Kecamatan Gemarang sing kagrujug udan deres.
‘’Banyu Kali Saradan Mbludak lan mbanjiri jalan raya nasional uga permukiman penduduk,’’ kandhane Agus.
Dhuwure banyu sing ngekum dalam nganti 50 sentimeter, saengga nyebabake kamacetan parah ing jalur padhet iki.
Kanggo ngatasi kaanan macet iki pihake ngetrapake sistem buka-tutup dalan gentenan saka rong arah.
Akeh pitmontor sing kudu disurung supaya ora mogok. Sawetara kendaraan gedhe mlaku gentenan alon-alon.
Banjir uga kadaden ing Desa Ngadirejo, Kecamatan Wonoasri, pirang-pirang omah warga kekum banyu kali sing mbludak.
Ora mung kuwi, sekolah cacah loro uga kebanjiran. Semono uga dalan sing nyambuangake tlatah Kota Madiun lan Caruban.
Dhuwure banyu sing ngekum dalam nganti 50 sentimeter, saengga jalur alternatif iki pedhot total alias ora bisa diliwati.
Pangguna dalan kudu muter balik utawa mubeng golek dalan liyane yen pingin nerusake lakune kanggo ngendhani banjir
Miturut warga kene, udan deres nggrujug tlatah iki wiwit sore, saengga banyu kali mbludak menyang permukiman penduduk.
Kabar nganti Kemis bengi, banjir isih ngekum pirang-pirang omah warga lan fasilitas umum ing tlatah kene.
Banjir uga dilapurake kadaden ing Desa Sugihwaras, Kecamatan Saradan, lan Desa Bethek, Kecamatan Madiun.
Relawan lan satgas kabencanaan daerah isih terus nindakake pananganan lan asesmen ing lokasi sing kena dampak.
Upaya darurat sing ditindakake sawetara nyuda dampak lan mbalekake situasi supaya normal meneh. (ryu/naz)
Editor : Satmiko Supraptono