KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, dikenal sugih objek wisata.
Utamane destinasi wisata alam ing perengane Gunung Lawu iki. Uga nyuguhake maneka tema sing bisa dipilih wisatawan.
Salah sijine wisata edukasi Agrowisata Amanah. Objek wisata iki cocog kanggo sarana sinau lan praktek bocah-bocah.
Saliyane duwe pamandangan alam endah, uga bisa kanggo ngrangsang kacerdasan, kreativitas lan ngembangake motorik.
Destinasi iki nyedyakake wahana outbond lan muatan sektor pertanian uga peternakan sing bisa disinaoni lan dipraktekake.
Objek wisata iki ngusung konsep nggabungake agrowisata, wisata edukasi lan sing mesthi pamandangan alam kang endah.
Manggon ana ing Jalan Raya Tawangmangu, Srandon, Desa Karang, Kecamatan Karangpandan, Kabupaten Karanganyar.
Saka pusat kutha Karanganyar menyang panggonan Agrowisata Amanah iki mung butuh wektu kira-kira 30 menit.
Saliyane bisa sinau babagan pertanian, pengunjung uga bisa ngrasakake mroduksi bakery, peternakan, perkebunan, lan mancing.
Ana maneka wahana dolanan wiwit ATV, flying fox, kreteg ogal-agil, kolam renang anak, ninja warrior, river tubing lan jeep adventures.
Agrowisata Amanah uga nyedyakae restoran lan homestay kanggo wisatawan sing pingin nginep neng kene.
Panggonan objek wisata iki uga klebu strategis ing pegunungan sing hawane seger lan duwe lahan pertanian kang subur.
Manggon ing lahan sing ambane 9 hektar, saliyane lahan pertanian tanaman pangan lan hortikultura uga ana tambak ikan.
Agrowisata Amanah bukak saben dina wiwit jam 07.00 isuk nganti jam 17.00 sore klebu ing hari libur nasional.
Wisata neng kene ora ana tiket masuk alias gratis kanggo kabeh wisatawan lokal lan mancanegara. (dam)
Editor : Satmiko Supraptono