BOYOLALI, Jawa Pos Radar Madiun - Wisata Edukasi Religi (WER) Qolbu lagi dibukak ing awal Januari 2024 kepungkur.
Nanging, diklem bisa ndhongkrak kunjungan wisatawan uga Pendapatan Asli Daerah (PAD) Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah.
Tingkat kunjungan wisatawan munggah signifikan nganti tikel pindho. Semono uga kontribusine ing PAD.
Kepala Dinas Pemuda Olahraga dan Pariwisata (Disporapar) Kabupaten Boyolali Budi Prasetyaningsih bungah sumringah.
Miturut dheweke WER Qolbu dadi panyumbang PAD paling gedhe saka sektor pariwisata kanggo kabupaten iki.
‘’Nganti Nopember 2024, PAD saka objek wisata iki wis nyumbang luwih saka Rp 5 milyar,’’ kandhane wingi (6/12).
Kanggo ningkateke kuwalitas layanan, Pemkab Boyolali bakal terus ndandani infrastruktur sing ana ing lokasi wisata iki.
Ana pirang-pirang tambahan fasilitas. Salah sijine kamar mandi kanggo ngakomodasi wisatawan sing tansaya akeh.
Saliyane kuwi, Pemkab Boyolali uga nambah pirang-pirang taman anyar kaya taman kurma lan taman buwah tin.
Paningkatan fasilitas uga klebu pameliharaan miniatur panggonan ibadah. Pager sacedhake lawang mlebu uga dirapekake.
‘’Uga nata taman-taman ing sisih wetan sing bakal dibukak ora suwe meneh,’’ sambunge Budi.
Pengunjung WER Qolbu teka saka pirang-pirang daerah. Wiwit saka Jawa Barat, Jawa Timur, Madura, lan liya-liyane.
Kanggo ndhongkrak pariwisata, pemkab uga aktif golek bantuan menyang pemerintah pusat lan Pemprov Jawa Tengah.
Taun iki, Desa Kemasan, Kecamatan Sawit, nampa bantuan kanggo pangembangan desa wisata.
Kanggo kawruh, ing 2023 wisatawan menyang Boyolali 665 ewu wong. Taun 2024 (nganti Nopember) wis 1,4 yuta wong.
Anane paningkatan pengunjung lan kontribusi saka WER Qolbu iki tansaya nguwatake posisi Boyolali minangka destinasi wisata unggulan kang berkelanjutan. (rgl/wa)
Editor : Satmiko Supraptono