PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ana konser musik unik sing digelar neng Kabupaten Pacitan, Minggu (8/12).
Konser Gema Tabuhan iki, digelar ing njero Gua Tabuhan, Desa Wareng, Kecamatan Punung, Kabupaten Pacitan.
Pagelaran ini nyuguhake pengalaman sing beda kanggo nikmati musik ing njero guwa sing duwe pesona akustik luar biasa.
Gema Tabuhan dudu mung konser musik, nanging uga parayaan kabudayan lokal ing tengahe kaendahan alam.
Diarani Tabuhan, jalaran watu ing njero guwa iki ngasilake swara katadene gamelan nalika ditabuh.
Sanajan mengkono, ing Gema Tabuhan iki, watu ing njero guwa dudu instrumen musik sing utama.
Para musisi mung nggunakake guwa minangka ruwang akustik kakgo nguwatake harmonisasi priranti musik tradisional.
‘’Madokake gamelan sing sakral karo bengunge alami guwa. Suarane ngelus ati ati,’’ kandane Ignatia Nilu, kurator acara.
Event ini diwiwiti pagelaran musik ing njero guwa lan diterusake pawai budaya sing sanjabane guwa.
Banjure dipungkasi prosesi Pisowanan Tetabuhan, minangka ritual sukur marang Guti Kang Akarya Jagad.
Kepala Dinas Pariwisata, Kebudayaan, Pemuda, dan Olahraga (Disparbudpora) Pacitan, Turmudi, ngapresiasi event iki.
Miturut dheweke, Gema Tabuhan bisa dadi lawang kanggo ngenalake Pacitan minangka destinasi budaya kang istimewa.
Kanthi anane event iki, pihake ngarep-ngarep wisatawan akeh sing menyang Pacitan kanggo nikmati kaendahan alam lan budaya.
Gema Tabuhan minangka simbol sinergi antarane manungsa, alam, lan kabudayan. Uga pangeling-eling ing jaman modern iki.
Yakuwi, isih anane ruang kanggo nikmati kaendahan kang kacipta kanthi alami lan diwarisake turun-tumurun.
‘’Digadhang-gadhang dadi tradisi taunan, jalaran iki harmoni sing keprungu lan krasa nganti njero jiwa,’’ Turmudi mungkasi katerangane. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono