PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Masyarakat Kelurahan Kadipaten, Babadan, Ponorogo, lan sakubenge kudu luwih sabar.
Saliyane kuwi, uga kudu luwih waspada lan ati-ati yen ngliwati jembatan gantung Jurang Gandul neng tlatah kene.
Jalarane konstruksi jembatan gantung kuwi rusak sawise katerak bambrongan pring sing kagawa banjir durung suwe iki.
Ora lidok, warga kene sing kulina nggunakake infrastruktur iki digawe ketir-ketir saben ngliwati jembatan gantung kuwi.
Nanging Dinas Pekerjaan Umum, Perumahan dan Kawasan Permukiman (DPUPKP) Ponorogo duwe biji liya bab iki.
Dipesthekake yen jembatan gantung kuwi isih bisa digunakake sanajan konstruksine miring pirang-pirang darajat sisih kulon.
Jembatan sing dawane 20 meter kuwi uga dipsethekake isih bisa diliwati kendaraan sing abote trep karo jembatan iki.
Kabid Bina Marga DPUPKP Ponorogo Shintawati menehi katerangan lan konfirmasi bababagan iki.
Tali angin siji bagean tengah jembatan pedhot. Nanging dudu sling (tali utama) jembatan, iki ora signifikan ngrusak jembatan.
Miturut dheweke isih bisa diliwati jalaran sling utamane isih fungsi mung miring sithik jalaran katerak ban jir.
Nanging pihake nyaranake mung kendaraan enteheng sing bisa liwat. Kaya sepedha pan lan wong mlaku.
Pihak njlauk supaya jembatan ditutup total nalika banjir. Jalaran rencana ndandani jembatan gantung iki isih taun ngarep.
‘’Taun didandani lan materiale sing rusakdiganti klebu ndadani pondasine jembatan,’’ Shinta mungkasi katerangane.
Kanggo kawruh, jembatan gantung iki meh pedhot katerak banjir sing nggawa bambrongan pring akir Nopember kepungkur.
Jembatan gantung Jurang Gandul iki nyambungake saka arah Terminal Bis Seloaji tumuju Pasar Pon Ponorogo.
Pihak kelurahan kene wis masang tandha larangan liwat. Saengga warga kudu mubeng 10 kilometer liwat Jalan Mayjend Sutoyo. (gen/kid)
Editor : Satmiko Supraptono