KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daerah Operasi (Daop) 7 Madiun siap siaga.
Ora mung kanggo ngadhepi momen Natal lan tahun baru (Nataru) nanging uga kaananan cuaca sing ora temtu.
Salah sijine, ningkatake intensitas pamriksaan sarana lan prasarana lintasan kereta (KA) ing wewengkone.
Klebu ngganti bantalan rel kayu dadi bantalan sintetis sing luwih kuwat lan tahan saka cuaca ekstrem.
Manajer Humas PT KAI Daop 7 Kuswardoyo menehi katerangan lan konfirmasi bababagan iki wingi (8/12).
Miturut dheweke, sadawanane taun iki (2024), pihake wis ngantisipasi cuaca ekstrem kanthi ngganti 2.825 bantalan.
Saliyane kuwi, jalur ing perlintasan sing ambane 2.439 meter pesagi uga didandani supaya luwih aman lan nyaman.
Uga ngganti wesel, ngganti rel tipe R54 dawane 5.000 meter ngani nambah batu balas kira-kira 22.518 meter kubik.
Iki guna ningkatake kastabilan lan elastisitas jalur KA. Rutinitas pamriksaan PPJ (petugas penilik jalan) uga ditingkatake.
‘’Kabeh upaya iki kanggo mesthekake kaslametan perjalanan KA lan penumpang,’’ kandhane Kuswardoyo.
Saliyane kuwi uga kanggo ndhukung paningkatan kacepatan perjalanan KA sing wektu iki wis nganti 120 kilometer per jam.
Iki uga dadi bagean penting kanggo ngadhepi libur Nataru wiwit 19 Desember 2024 nganti 5 Januari 2025.
Paningkatan kuwalitas iki uga kanggo mangsuli tren paningkatan penumpang sing nggunakake moda transportasi KA.
Wiwit Januari 2024 kepungkur, volume penumpang munggah-mudhun ing stasiun wewengkon Daop 7 kira-kira 8,5 yuta wong.
Miturut dheweke, iki minangka bukti yen minat masyarakat nggunakake KA tansaya dhuwur.
Jalaran moda transportasi KA diklem unggul ing faktor kaslametan, kaamanan, kanyamanan, lan efisiensi waktu.
‘’Kita bakal terus komitmen ningkatake pelayanan marang pelanggan,’’ Kuswardoyo mungkasi katerangane. (ggi/den)
Editor : Satmiko Supraptono