Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pembangunan Jembatan Merah Putih sing Ragate Rp 8,7 Milyar neng Ngawi wis Rampung, Piye Wujude?

Satmiko Supraptono • Sabtu, 21 Desember 2024 | 19:00 WIB
DALAN ALTERNATIF: Jembatan Merah Putih Ngawi wis bisa diliwati wiwit Rebo (18/12). (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
DALAN ALTERNATIF: Jembatan Merah Putih Ngawi wis bisa diliwati wiwit Rebo (18/12). (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Proyek pembangunan Jembatan Ngudal, Kabupaten Ngawi, wis rampung.   

Malah kreteg karan Jembatan Merah Putih, ing Desa Karangtengah Prandon, Kecamatan Ngawi, iki wis bisa diliwati.

Kreteg iki dibangun Dinas Perumahan Rakyat dan Kawasan Permukiman (Disperkim) Kabupaten Ngawi.

Senen (16/12) wingi uga wis dianakake provisional hand over (PHO) saka kontraktor pelaksana marang Pemkab Ngawi.

‘’PHO proyek wektune trep karo kontrak, 16 Desember,’’ kandhane Kepala Disperkim Ngawi Maftuh Affandy wingi (18/12).

Kreteg sing dibangun  kanthi anggaran Rp 8,7 milyar kuwi kanggo ngembangake instalasi pengelolaan lumpur tinja (IPLT).

Kreteg sing ana sadurunge dibiji kurang amba. Sawetara Jembatan Merah Putih iki ambane wolung meter lan dawane 30 meter.

Nanging, kreteg lawas duweke Perusahaan Umum Daerah Air Minum (Perumdam) Tirto Kertonegoro kuwi ora dibongkar.

Maftuh nyebutake yen kreteg anyar iki dadi akses alternatif saka tlatah Kecamatan Ngawi menyang Kecamatan Kasreman. 

Jeneng Jembatan Merah Putih dipilih jalaran dibiji duwe filosofi nasionalisme kaya genderane Indonesia.

Semono uga konsep utawa arsitektur Jembatan Merah Putih sengaja digawe beda supaya dadi ikonik lan duwe karakter kusus.

Dheweke nyebutake yen Jembatan Merah Putih dikonsep ramah kanggo wong mlaku lan difabel kanthi anane jalur kusus.

Saengga wong mlaku (pejalan kaki) lan difabel luwih aman nalika ngliwati Jembatan Merah Putih iki.  

Saliyane kanggo ngembangake IPLT, kreteg iki digadhang-gadhang dadi daya surung kamajuan ing tlatah Ngudal.

Jalaran dadi jalur alternatif sing tembus ring road timur saengga akeh kendaraan sing ngliwati tlatah kuwi.

‘’Pangarep-arepe bisa ngembangake tlatah Ngudal jalaran dadi dalan alternatif,’’ Maftuh mungkasi katerangane. (sae/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#merah putih #Disperkim #jembatan #ngawi #IPLT