Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | 20 Rekomendasi Oleh-Oleh Kas Kota Solo, wiwit Panganan, Omben nganti Batik lan Keris

Satmiko Supraptono • Minggu, 29 Desember 2024 | 21:00 WIB
WAJIB DICOBA: Serabi Solo dadi salah siji ikon kuliner jajanan kas Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
WAJIB DICOBA: Serabi Solo dadi salah siji ikon kuliner jajanan kas Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Plesiran menyang Kota Solo kurang komplit tanpa golek oleh-oleh kas Kota Bengawan iki.

Ora perlu kuwatir, iki ana 20 rekomendasi oleh-oleh kas Kota Solo, Jawa Tengah, sing bisa digawa mulih sarampunge wisata:

  1. Serabi Notosuman

Kuliner kas Solo iki kondhang kanthi tekstur lembut lan rasa gurih santen. Pilihana rasane original lan cokelat sing favorit.

  1. Intip Goreng

Krupuk saka intipe sega iki duwe rasa gurih lan legi sing kas, cocog kanggo cemilan neng omah.

  1. Abon Mesran Solo

Abon sapi lan ayam saka Solo iki duwe rasa gurih lan tekstur lembut, praktis kanggo lawuh saben dina.

  1. Ampyang

Cemilan sing bahane kacang tanah dilapisi gula abang iki dadi  favorit jalaran rasa legine sing kas.

  1. Sosis Solo

Sosis Solo patut dicoba yen menyang Kota Solo. Bisa memilih frozen food utawa tuku varian sing wis digoreng.

  1. Roti Kecik Ganep

Roti tradisional sing bahane saka glepung ketan iki duwe rasa legi sing lembut lan aroma rempah kas.

  1. Sambel Tumpang Solo

Bumbu kas Solo saka tempe fermentasi iki cocog minangka oleh-oleh kanggo sing senang panganan pedhes.

  1. Batik Solo

Batik Solo kanthi motif kas kaya Parang Kusumo lan Sido Mukti bisa dadi oleh-oleh sing elegan.

  1. Wedang Uwuh Instan

Omben rempah-rempah  kas iki kasedya ing wujud instan, cocog kanggo ngangatake awak.

  1. Keris Miniatur

Miniatur keris minangka simbol budaya Jawa dadi oleh-oleh unik sing ngrepresentasekake seni tradisional Solo.

  1. Jenang Solo

Jenang kanthi rasa manis legit iki klebu oleh-oleh klasik sing ora nate salah kanggo kulawarga.

  1. Pisang Goreng Madu Solo

Pisang goreng kanthi lapisan madu sing legi lan tekstur renyah iki disenengi banget para wisatawan.

  1. Brem Bulat Kas Solo

Brem Solo sing wunjude bunder kaya koin kanthi rasa kecut legi dadi cemilan sing nyegerake.

  1. Karak Solo

Jajajan entheng saka sega garing iki duwe rasa gurih renyah, cocok kanggo kanca ngombe teh.

  1. Enting-Enting Gepuk

Oleh-oleh sing bahan kacang tanah lan gula abang iki duwe rasa legi kanthi tekstur renyah.

  1. Dawet Ayu Solo

Omben kas iki akeh sing didol ing kemasan botol (gendul), saengga praktis kanggo digawa mulih.

  1. Tiwul Instan

Olahan saka tela garing iki uga kasedya ing wujud instan sing bisa dinikmati saayah-wayah.

  1. Tumpi

Camilan gurih saka kacang tholo sing digoreng nganggo adhonan glepung iki nyamleng lan cocog kanggo oleh-oleh.

  1. Bakpia Balong

Bakpia kas Solo kanthi maneka rasa wiwit kacang ijo, cokelat, lan keju iki wajib dicoba.

  1. Keripik Tempe Solo

Keripik tempe kanthi rasa renyah lan gurih iki dadi oleh-oleh populer sing gampang ditemokake ing Kota Solo. (nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #oleh-oleh #keris #batik #wisata #serabi notosuman #intip