MALANG, Jawa Pos Radar Madiun - Sega (nasi) tempong sejatine kuliner kas Kabupaten Banyuwangi, Jawa Timur.
Nanging, panganan sing duwe cita rasa pedhes iki uga gampang ditemokake ing tlatah liya, klebu neng Malang Raya.
Kanthi sambel kas lan maneka sayuran, kuliner iki dadi favorite pawongan sing seneng kuliner pedhes.
Kapethik saka laman Radar Malang, iki lima rekomendasi warung sega tempong favorit neng Malang Raya.
- Sega Sambel Tempong Cak Ri
Sanajan mung kaya pedagang kaki lima (PKL), panggonan iki nyedyakake menu spesial sega tempong pete.
Lawuhe uga ana maneka pilihan. Wiwit ayam, lele, babat, paru, ndhog krispi lan rempela ati.
- Lokasi: Jalan Yulius Usman, Kasin, Klojen, Malang.
- Operasional: jam 11.00-21.00.
- Rega: wiwit saka Rp 15.000 saporsi.
- Nasi Tempong Gacor
Warung iki manggon ing lingkungan kampus, wis samesthine regane ramah kanggo kanthonge para mahasiswa.
Lawuhe uga maneka pilihan. Wiwit bebek, bandeng, ayam, rempela ati, iwak asin lan tahu tempe.
- Lokasi: Jalan Danau Limboto B5 Blok A4, Sawojajar, Malang.
- Operasional: jam 08.00-20.00.
- Rega: wiwit saka Rp 10.000 saporsi.
- Sega Tempong Pandanwangi
Manggone ora adoh saka Stasiun Kereta Api Blimbing. Warung iki nyedayakake lesehan lan kursi kanggo pangunjunge.
Menu sing disedyakake wiwit urang, lele, welut, ayam, jamur, lan ndhog. Pilihan ayam pedhes spesial uga ana.
- Lokasi: Jalan Laksda Adi Sucipto, Blimbing, Malang.
- Operasional: 09.00-19.00.
- Rega: wiwit saka Rp 10.000 saporsi.
- Nasi Tempong Podomoro
Warung iki klebu isih anyar, malah lagi bukak 2024 kanthi konsep swasana klasik joglo blak-blakan dominan kayu.
Menu unggulane sega tempong kanthi lawuh cumi, kikil, paru, rempela ati, lele, ayam, lan empal sapi.
- Lokasi: Jalan Fujiyama, Karangwidoro, Dau, Malang.
- Operasional: 11.30-21.30.
- Rega: wiwit saka Rp17.000 saporsi.
- Sego Tempong Cak Uut
Interior warung iki duwe konsep kayu lan anyaman pring saengga ndadekake swasanane tradisional banget.
Menu andelane ayam, ndhog, tuna, urang, jeroan sapi, lan paru kanthi maneka pilihan bumbu.
- Lokasi: Jalan Majapahit, Kiduldalem, Klojen, Malang.
- Operasional: jam 08.00-21.00.
- Rega: wiwit saka Rp 22.000 saporsi.