WONOGIRI, Jawa Pos Radar Madiun – Kambing guling kondhang minangka kuliner kas saka Timur Tengah utawa Arab.
Neng Kabupaten Wonogiri, Jawa Tengah, jinis kuliner iki disajekake kanthi cita rasa sing cocog karo ilate wong Jawa.
Kambing guling kanthi cita rasa lokal iki bisa ditemokake ing resto neng Kelurahan Giripurwo, Kecamatan Wonogiri (kutha).
Kapethik saka laman Solo Balapan, resto duweke Mulyoko iki sejatine lagi bukak awal taun 2024 kepungkur.
Sanajan mengkono, dheweke wis kerep melu pirang-pirang event kuliner kanthi nyuguhake kambing guling wiwit limang taun sadurunge.
Kambing guling sing disedyakake dipadokake karo nasi (sega) kebuli. Nanging bumbune wis disesuaikake karo ilat lokal.
Sanajan jenenge kambing guling, Yoko nggunakake daging domba. Iki kanggo nyuda ganda prenguse wedhus.
Ana pirang-pirang bumbon sing digunakake kanggo ngolah kambing guling iki. Salah sijine sing kas kapulaga muda.
Kapulaga muda saka Timur Tengah iki tukune ing Pasar Kliwon Kota Solo sing uga kondhang minangka kampung Arab.
Kambing guling ing restone Mulyoko iki nyamleng tenan. Daginge kambing guling empuk banget lan gandane ora prengus.
Bab rega, saporsi kambing guling diregani wiwit saka Rp 30.000. Kuwi wis klebu nasi kebuli lan omben.
Dheweke uga wis duwe pelanggan setya. Sing umume saka pelanggan wektu dheweke melu pameran kuliner.
Saliyane kuwi, uga akeh pelanggan anyar sing nyoba lan mesthi tuman bali meneh kanggo nikmati kambing guling.
Ing restone Mulyoko iki uga ora mung nyedyakake kambing guling, nanging uga olahan wedhus liyane sing ora kalah nyamleng.
Wiwit tongseng, tengkleng gongso lan liya-liyane. Nanging sing dadi favorite pelanggan panggah kambing guling.
Yen lagi lelungan utawa plesiran ing Wonogiri, resto kambing guling iki patut ditekani lan dicoba tinimbang penasaran. (*)
Editor : Satmiko Supraptono