Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi! Durian Fantasi Kota Batu Nyedyakake Maneka Menu Olahan Durian

Satmiko Supraptono • Rabu, 8 Januari 2025 | 21:00 WIB
RAME: Agrowisata Durian Fantasi, Kota Batu, Jawa Timur. (DOKUMEN/RADAR BATU)
RAME: Agrowisata Durian Fantasi, Kota Batu, Jawa Timur. (DOKUMEN/RADAR BATU)

KOTA BATU, Jawa Pos Radar Madiun Agrowisata anyar Durian Fantasi ing Kota Batu, Jawa Timur, langsung viral.  

Sanajan lagi soft opening nanging wis diserbu ewon pangunjung wiwit momen liburan Natal dan tahun baru (Nataru) wingi.  

Trep karo jenenge, agrowisata Durian Fantasi iki nyajekake puluhan menu kuliner panganan lan omben kanthi bahan dhasar duren (durian).

Wiwit milkshake durian, smoothies durian, lan maneka kuweh pastry rasa durian. Kanggo sing ora seneng duren ora perlu kuwatir.

Jalaran uga ana menu panganan lan omben saliyane olahan duren. Contone kaya sop iga, sega goreng, lan maneka mi.

Kapethik saka laman Radar Batu, Konseptor Durian Fantasi Sujono Djonet  nyebutake olahan nondurian uga akeh variasine.

Sawetara panganan entheng, wiwit french fries, potato wedges, tahu walik, tempe mendoan, nganti pisang goreng keju, ana.

Semono uga menu omben nondurian uga akeh variasine. Wiwit saka maneka jus buah, teh, lan kopi.

Bab rega, dibanderol wiwit Rp 12.000. Pihake sengaja nyedyakake olahan nondurian kanggo nglayani kabeh segmentasi.

Saengga panggah rekomendasi kanggo para wisatawan sing ora seneng durian bisa mampir mrene kanggo kulineran.

Agrowisata Durian Fantasi orang mung panggonan wisata kuliner. Nanging, uga nyuguhake wisata alam.

Jalaran, pangunjung bisa nikmati sensasi ana ing tengah kebon duren lan alpukat lan panorama pegunungan saka jalan layang.

Malah wisatawan bisa nikmati duren langsung neng ngisore wit. Saengga cocog kanggo bocah-bocah nganti dewasa.

Miturut Djonet, agrowisata  Durian Fantasi iki uga cocog minangka panggonan transit kanggo mangan bareng rombongan wisatawan.

Mangan awan bareng kanthi dine-in kanggo rombongan wisatawan utawa gathering komunitas uga bisa diananake neng kene.

Kusus kanggo dine-in iki menu panganane malah bisa request dhisik. Saliyane kuwi panggonane uga amba. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#kuliner #agrowisata #durian #kota batu #Durian Fantasi