Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Rekomendasi kanggo Para Runner, Jalur Puncak Gunung Banyak ing Kabupaten Sragen Wajib Dicoba

Satmiko Supraptono • Kamis, 9 Januari 2025 | 16:00 WIB
ILUSTRASI: Event Morojoyo Trail Run Agustus 2024 kepungkur. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ILUSTRASI: Event Morojoyo Trail Run Agustus 2024 kepungkur. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SRAGEN, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, duwe akeh potensi sing bisa dikembangake.   

Salah sijine Gunung Banyak ing Kecamatan Gesi sing dadi jalur mlayu ing  event Morojoyo Trail Run durung suwe iki.

Gunung Banyak dadi swarga ndhelik kanggo para runner (pelari). Jalur kusus iki nyuguhake pengalaman sing ora bisa dilalekake.

Jalur arupa suket ijo, ngliwati wit-witan kang ngrembuyung lan ana tanjakan sing nantang kanggo para runner alam.

Puncak Gunung Banyak kayadene makutha sing nyuguhake panorama 360 derajat sing bisa nggawe sapa wae kepincut.

Neng kene ora mung mlayu. Apameneh yen wis tekan puncak Gunung Banyak, bisa ndeleng srengenge ndelep alias sunset kang endah.

Jalur mlayu ing Gunung Banyak sengaja digawe ana maneka tantangan. Wiwit tanjakan nganti jalur blethokan.

Gunung Banyak dudu mung papan olahraga (mlayu). Nanging uga duwe akeh kaistimewaan. Ana budaya lan kuliner kas Gesi.

Kuliner tradisional wiwit gablok, sega jagung, jagung godhog lan palapendhem bisa dadi tamba kesel sawise mlayu.

Event Morojoyo Trail Run ing Agustus 2024 kepungkur digadhang-gadhang bisa dadi pamicu pangembangan desa wisata ing Gesi.

Konsep homestay ditrapake ing acara kuwi. Saengga para runner saka njaba daerah dijak nginep ing omahe warga kene.

Interaksi karo warga lokal iki dadi pengalaman istimewa kanggo runner, uga menehi dampak ekonomi kanggo masyarakat kene.

Event Morojoyo Trail Run kuwi sukses jalaran peran pirang-pirang pihak. Wiwit pemerintah daerah, sponsor, panitia, nganti relawan.

Kolaborasi sing kuwat saka pirang-pirang pihak kuwi uga mbuktekake semangat gotong royong tansah kajaga.

Saengga digadhang-gadhang bisa mujudake impen kanggo mbangun desa wisata ing Gesi mangarepe lan sabanjure.

Masyarakat uga kudu terus njaga kelestarian lingkungane lan ngembangake potensi wisata sing ana ing Gesi.

Saengga Gesi minangka swarga ndelik kanggo wisatawan, kususe runner, bisa terus ngembang luwih maju. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#gunung banyak #jawa tengah #runner #Morojoyo Trail Run #sragen