Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Hore! KA Madiun Jaya Relasi Stasiun Kota Madiun-Pasar Senen Jakarta Bakal Operasi 1 Februari 2025

Satmiko Supraptono • Rabu, 15 Januari 2025 | 17:00 WIB
ILUSTRASI: Swasana Stasiun KA Kota Madiun. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Swasana Stasiun KA Kota Madiun. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

JAKARTA, Jawa Pos Radar Madiun -  Masyarakat Madiun Raya bakal luwih akeh pilihan moda transportasi yen pingin lelungan mangulon.

Kususe pangguna kereta api (KA). Ora mung operasionale KA BIAS relasi Stasiun Kota Madiun-Bandara Adi Soemarmo Solo.

Nanging, wiwit 1 Februari 2025 mengko PT Kereta Api Indonesia (KAI) uga bakal ngoperasekake KA anyar. Yakuwi Madiun Jaya.

Miturut rilis pers PT KAI, KA Madiun Jaya bakal nglayani masyarakat, kususe pangguna, KA jarak jauh.          

KA Madiun Jaya iki nglayani relasi Stasiun Kota Madiun-Stasiuan Pasar Senen, Jakarta, budhal-mulih.  

Wiwit 1 Februari 2025, wektu perjalanan KA bakal luwih cepet lan sabagean KA bakal diowahi jadwal keberangkatane.

Iki sawise KAI nglaksanakake Grafik Perjalanan KA (Gapeka) 2025 kanggo ngganti Gapeka 2023 sing wis dievaluasi.

Gapeka minangka pedoman pangaturan palaksanaan perjalanan KA kanggo ngendalekake perjalanan KA.

Ing rilis resmi PT KAI, VP Public Relations KAI Anne Purba, menehi katerangan bab Gapeka 2025 sing anyar iki.

Miturut dheweke, salah siji manpaat Gapeka 2025 iki efisiensi wektu perjalanan KA. Artine perjalaan KA bakal luwih cepet.

Dheweke nyebutake yen ana efisiensi wektu perjalanan KA antarkota Jawa kurang luwih 2.551 menit saben dina.

Princiane, efisiensi wektu perjalanan KA Argo kira-kira 225 menit lan KA Eksekutif kurang luwih 486 menit.

Sawetara efisiensi wektu perjalanan KA Eksekutif Campuran kira-kira 1.221 menit lan KA Ekonomi 519 menit.

Baca Juga: WARTA JAWA | PT Kereta Api Indonesia Daop 7 Madiun Ngganti Bantalan Rel Kayu Dadi Sintetis, Iki Alesane 

Ing Gapeka 2025 iki uga ana panambahan cacahe perjalanan KA antarkota Jawa, klebu kereta anyar kaya KA Madiun Jaya: 

  1. KA Pangrango (Sukabumi-Bogor) PP
  2. KA Argo Merbabu (Gambir-Semarang Tawang Bank Jateng) PP
  3. KA Tawangjaya Premium (Pasar Senen-Semarang Tawang Bank Jateng) PP
  4. KA Taksaka (Gambir-Yogyakarta) PP
  5. KA Purwojaya Fakultatif (Gambir-Kroya-Cilacap) PP
  6. KA Sawunggalih (Pasar Senen-Kutoarjo) PP
  7. KA Madiun Jaya (Pasar Senen-Madiun) PP
  8. KA Gunung Jati (Gambir-Cirebon) PP
  9. KA Gunung Jati (Gambir-Semarang Tawang) PP
  10. KA Cakrabuana (Gambir-Cirebon) PP
  11. KA Cakrabuana (Gambir-Purwokerto) PP
  12. KA Argo Anjasmoro Fakultatif (Gambir-Surabaya Pasarturi) PP
  13. KA Harina Pagi (Bandung- Cikampek-Surabaya Pasarturi) PP
  14. KA Menoreh (Pasar Senen-Semarang Tawang) PP
  15. KA Sancaka Utara Fakultatif (Cilacap-Solo Balapan-Gundih-Surabaya Pasarturi) PP
  16. KA Ijen Ekspres Fakultatif (Malang-Ketapang) PP
  17. KA Argo Anjasmoro Fakultatif (Surabaya Pasarturi-Gambir) PP. (*)
Editor : Satmiko Supraptono
#jakarta #Stasiun Madiun #kai #pasar senen #Gapeka 2025 #madiun #kereta api #ka bias