JAKARTA, Jawa Pos Radar Madiun – Masyarakat ing tlatah Madiun Raya bakal luwih gampang yen arep lelungan mangulon.
Kususe pangguna moda transportasi kereta api (KA), ora perlu ngenteni entuk lungguhan (tempat duduk) KA saka wetan.
Jalaran PT Kereta Api Indonesia (KAI) bakal ngoperasekake kereta anyar KA Madiun Jaya relasi Stasiun Madiun-Pasar Senen Jakarta.
Operasionale bakal diwiwiti 1 Februari mengko bebarengan karo wiwit dileksanakake Grafik Perjalanan KA (Gapeka) 2025.
Ing rilis resmi PT KAI, VP Public Relations KAI Anne Purba, nyebutake iki bakal ndadekake perjalanan KA luwih cepet.
Saliyane kuwi uga kanggo ningkatake kaandelan pola operasi Commuter Line, KA Bandara, Prameks, lan KA Feeder.
Semono uga panyesuean Gapeka 2025 iki minangka upaya paningkatan kacepatan prasarana lan stasiun kereta api.
Cacahe jadwal perjalanan KA uga ditambah. Klebu kereta anyar KA Madiun Raya sing bakal mangkat saka Stasiun Madiun.
Kanthi anane Gapeka 2025 iki, masyarakat bisa tuku tiket H-45 saka jadwal keberangkatan KA.
Saengga kanggo keberangkatan 1 Februari 2025 wis bisa dituku liwat aplikasi Access by KAI lan situs kai.id,
Tiket uga bisa dituku neng kabeh channel penjualan tiket sing kerja sama resmi karo KAI.
Dheweke meling supaya jadwal perjalanan dipesthekake jalaran jadwal keberangkatan KA diowahi nyesuekake Gapeka 2025.
Jadwal keberangkatan 1 Februari 2025 lan sateruse sing ana tiket kudu digatekake supaya ora kepancal sepur.
KAI ngarep-ngarep kanthi Gapeka 2025 iki pelanggan KA bakal tansaya ningkat liwat maneka paningkatan pelayanan.
Wiwit wektu perjalanan sing tansaya cepet, panambahan cacahe perjalanan KA lan liya-liyane sing terus diupayakake KAI.
Saliyane ing Jawa wektu perjalanan KA penumpang ing Divre I Sumatera Utara uga efisien 68 menit sedina.
Mula ing Sumatera Barat uga ana panambahan saka 10 frekuensi KA penumpang sadurunge, yakuwi:
- KA Pariaman Ekspress (Pauhlima-Naras) PP
- KA Pariaman Ekspress Fluktuatif (Padang-Naras) PP
Anne nyebutake ana pirang-pirang faktor sing dadi latar belakang diowahine Gapeka 2023 dadi Gapeka 2025.
Ing antarane anane jalur ganda sing dibangun DJKA Kementerian Perhubungan, panambahan KA penumpang lan KA barang anyar.
Uga rute sing didawakake kaya lintas Kreunggeukeuh-Kutablang-Muara Satu, lan wektu tempuh perjalanan KA sing dicepetake. (*)
Editor : Satmiko Supraptono