SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana unen-unen utawa pitutur saka para leluhur: Wong Jawa aja nganti kelangan Jawane.
Kira-kira pitutur iki sing diugemi para pamengku kawicaksanan sing ana sesambungane karo proyek Simpang Joglo, Kota Solo.
Supaya ora diarani wong Jawa sing kelangan Jawane, banjur tulisan ing Simpang Joglo uga ditulis nganggo aksara Jawa.
Sayange, panulisan aksara Jawa ing underpass Joglo dibiji kurang trep. Jalaran artine beda karo aksara latin ing sandhuwure.
Rendra Agusta Sraddha, salah siji pamigati aksara Jawa ing Kota Solo, sing mbiji yen tulisan aksara Jawa kuwi kurang trep.
Dheweke weruh anane kasalahan panulisan aksara Jawa kuwi sawise entuk kiriman video cekak saka mitrane.
‘’Sawise tak tliti, jebule ana kasalahan panulisan,’’ kandhane Rendra, kapethik saka laman Radar Solo, wingi (15/1).
Tulisan aksara Jawa kuwi yen diwaca hundepas ssmpajoglo. Dheweke nduga karepe sing nulis Underpass Simpang Joglo.
Dheweke ora weruh ana kasengajan utawa ora, sing cetha aksara Jawa kuwi ora bisa diwaca lan ora dadi ukara kang utuh.
Sejatine, dheweke bungah jalaran ana infrastruktur lan fasilitas publik sing ditulis nganggo aksara Jawa.
Nanging yen ora trep nulise malah bubrah. Apameneh kanggo nulisake jeneng ikon anyar ing Kota Solo iki.
Kamangka, ing Kota Bengawan iki akeh budayawan utawa akademisi sing konsen ing babagan panulisan aksara jawa.
Tumrap wong sing ora bisa maca aksara Jawa mesthi nganggep apik lan estetik. Nanging kanggo sing bisa maca, mesthi nganggep aneh.
Apameneh Kota Solo wis kondhang minangka kota budaya sing tansah nguri-nguri kabudayan Jawa.
Dheweke uga nganti nduga sing nggawe tulisan aksara Jawa kuwi nggunakake AI utawa kacerdasan gawean.
Rendra mesthekake yen tulisan Underpass Simpang Joglo kuwi bisa banget ditulis nganggo aksara jawa.
Jalaran wektu iki, aksara Jawa ana konsesi anyar, uga wis ana standar pangaturan aksara sing diakoni donya.
Saengga aksara Jawa bisa masilitasi kabeh basa, klebu basa serapan saka Inggris lan basa saka negara liya-liyane.
Miturut Rendra, salah panulisan aksara jawa ing public space neng Kota Solo ora mung pisan iki. Sing kerep ing jeneng dalan.
Bedan, ing Simpang Joglo ukurane gedhe dadi nyolok banget. Yen plang dalan ora pati nyolok yen ana kasalahan.
Mula dheweke ngarep-ngarep para pihak sing ana sesambungane karo Simpang Joglo Kota Solo bisa ngganti aksara Jawa kuwi. (*)
Editor : Satmiko Supraptono