KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Lumrah yen Kota Madiun jejuluk Kota Pecel, sanajan meh kabeh daerah ing Jawa ana kuliner iki.
Ora angel nemokake sega pecel neng Kota Madiun. Wiwit ideran, warung omahan, pedagang kaki lima nganti rumah makan, ana.
Wiwit esuk nganti tengah wengi, sasuwene 24 jam ana bakul sega pecel sing bukak ing kutha sing uga karan Kota Pendekar iki.
Panganan iki arupa maneka kulupan lan kecambah sing disiram bumbu (sambel) kacang kang duwe cita rasa gurih lan pedhes.
Pecel Kota Madiun duwe ciri kas kulup kembang turi. Adune srundeng, kering tempe, lan disawuri kemangi lan lamtara.
Semono uga cara nyajekake nganggo pincuk godhong gedhang utawa godhong jati sing bisa dipangan karo sega utawa lonthong.
Ing Kota Madiun dhewe warung iki manggon neng Jalan Imam Bonjol (pusate) lan Jalan Cokroaminoto (cabang).
Saliyane kuwi wis duwe cabang ing daerah liya, wiwit BSD Tangerang, Bandara Juanda, lan pirang-pirang rest area tol.
- Depot Nasi Pecel Bu Wir Kabul
Sega pecel gaweane Bu Wir Kabul iki disenengi para pecinta kuliner pedhes jalaran ciri kas sambele luwih pedhes dibandhing liyane.
Depot iki uga klebu legendaris manggon ing Jalan Cokroaminoto, Kelurahan Kejuron Kecamatan Taman.
- Warung Nasi Pecel Pojok
Warung Nasi Pecel Pojok iki uga manggon ing Jalan Cokroaminoto, Kelurahan Kejuron, Kecamatan Taman.
Warung sing wis bukak wiwit 1967 iki uga klebu legendaris sing ora nate sepi. Warung iki uga nyedyake rawon lan sega bali.
- Depot Nasi Pecel 99
Sanajan luwih nom dibandhingake nomer 1, 2 lan 3, depot ing Jalan Cokroaminoto iki uga klebu legendaris.
Depot Nasi Pecel 99 iki uga kerep dadi jujugane para artis nganti presiden yen lagi ana acara neng Kota Madiun.
Papat rekomendasi warung sega pecel kabeh iki nyajekake maneka varian lawuh. Wiwit, ayam, empal, endhog, jeroan lan liya-liyane. (*)
Editor : Satmiko Supraptono