SURABAYA, Jawa Pos Radar Madiun – Sega pecel pancen dudu kuliner tradisional asli saka Kota Surabaya.
Nanging panganan iki dadi salah siji sing favorit warga ing Kota Pahlawan, julukane Surabaya, lan sakubenge.
Apameneh jalaran ing Kota Surabaya kondhang minangka swarga kuliner kanthi bumbu kang medhok.
Konon pecel wis ana wiwit atusan taun kepungkur, kususe ing masyarakat Jawa. Uga kacathet ing Serat Centhini ing 1800 Masehi.
Disebutake, pecel minangka salah siji suguhane Kerajaan Mataram Islam kasiji ing tanah Jawa kanggo para tamu.
Garwane Ki Ageng Pemanahan, contone. Nyajekake sega lan kulupan mateng kanthi bumbu (sambel) kacang kanggo Sunan kalijaga.
Tembung pecel bisa diartekake dheplok (tumbuk) utawa diajurake nganti alus. Iki carane nggawe bumbu kacang.
Ing Kota Surabaya, golek sega pecel ora angel. Wiwit esuk nganti bengi ana, sanajan ora pati akeh kaya neng Kota Madiun, contone.
Kapethik saka laman Radar Surabaya, iki 5 rekomendasi panggonan sega pecel sing favorit neng Kota Surabaya.
- Nasi Pecel Bambu Runcing
- Rega: wiwit saka Rp 16.000 saporsi
- Lokasi: Jalan Embong Ploso, Embong Kaliasin, Kecamatan Genteng, Kota Surabaya
- Bukak: wiwit jam 07.00 – 12.00
- Nasi Pecel Madiun Bu Kus
- Rega: wiwit saka Rp 18.000 saporsi
- Lawuh: wiwit saka Rp 4.000
- Lokasi: Jalan Barata Jaya XX, Baratajaya, Kecamatan Gubeng, Kota Surabaya
- Bukak: wiwit jam 06.00 - 21.00
- Nasi Pecel Bu Djoyo
- Rega: wiwit saka Rp 27.000 saporsi
- Lokasi: Jalan Pandegiling, Wonorejo, Kecamatan Tegalsari, Kota Surabaya
- Bukak: wiwit jam 06.00 – 09.00
- Pecel Ponorogo Hj. Boeyatin
- Rega: wiwit saka Rp 16.000 saporsi
- Lokasi: Jalan Ketabang Kali, Ketabang, Kecamatan Genteng, Kota Surabaya
- Bukak: wiwit 06.00 – 20.00
- Pecel Bu Endang
- Rega: wiwit saka Rp 19.000 saporsi
- Lokasi: Jalamn Gubeng Kertajaya XIII, Airlangga, Kecamatan Gubeng, Kota Surabaya,
- Bukak: wiwit jam 06.30 – 12.00. (*)