Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Pamentasan Tari Bedhaya Ketawang Keraton Solo, Kanjeng Ratu Kidul Dipercaya Melu Nari

Satmiko Supraptono • Rabu, 22 Januari 2025 | 19:00 WIB
SAKRAL: Para penari Bedhaya Ketawang ing Keraton Solo. (DOKUMEN/RADARSOLO)
SAKRAL: Para penari Bedhaya Ketawang ing Keraton Solo. (DOKUMEN/RADARSOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Solo, kususe Keraton Solo, kondhang minangka punjere kabudayan lan kasenian Jawa.

Maneka kesenian wiwit musik, tari, adat-istiadat, busana, lan liya-liyane sing mambu budaya Jawa tansah kauri-uri lan lestari.

Salah siji sing kondhang yakuwi tari Bedhaya Ketawang. Tari Jawa klasik sing ngembang ing lingkungan Keraton Solo.

Bedhaya Ketawang iki minangka salah siji tari sing disakralake lan dadi simbol kaagungane raja Keraton Solo.

Tari iki mung bisa ditampilake ing Tingalan Dalem Jumenengan utawa mengeti jumenengane Sri Susuhunan Paku Buwana.

Tari sing uga mung bisa ditampilake ing Pendapa Ageng Sasana Sewaka iki klebu salah siji pusaka suci Keraton Solo.

Tari iki uga nyimpen misteri lan filosofi sing jero banget. Mula ora saben wong bisa nari bedhaya iki.

Sanga penari wadon sing kapilih kudu isih prawan. Ora mung kuwi, nalika nari uga kudu suci utawa ora lagi haid.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Radar Solo, paugeran kuwi duwe makan lan filosofi.

Yakuwi, manungsa kudu tansah nutup bolongan cacah sanga sing ana ing awake supaya bisa nyucekake badane.

Sanga bolongan kuwi yakuwi, mripat loro, bolongan irung loro, kuping loro, cangkem (mulut), silit (anus) lan alat vital.

Sanga uga minangka simbol donya lan saisine. Yakuwi srengenge, lintang, bulan, langit, bumi, banyu, angin, geni lan makluk urip.

Ora mung kuwi, penari cacah sanga iki uga minangka lambang papane lintang kalajengking sing cacahe sanga.

Penari Bedhaya Ketawang nganggo busana dodot banguntulak, cindhe kembang, sanggul bokor lan pepaesane.

Saengga ndadekake para penari kayadene panganten wanita. Jalaran tari iki nglambangake babagan asmara kang ngandhut misteri.

Yakuwi antarane Panembahan Senapati lan Kanjeng Ratu Kencana Sari alias Kanjeng Ratu Kidul, panguwasa pesisir kidul.

Cekake crita, Panembahan Senapati lan Kanjeng Ratu Kidul pethuk ing Pantai Parangkusumo, Yogyakarta.

Kalorone banjur nyambung aamara kanthi cara spiritual. Iki kanggo nguwatake dhukungan politik Panembahan Senapati ing tanah Jawa.

Tarian iki uga duwe unsur magis. Nalika Bedhaya Ketawang dipentasake Kanjeng Ratu Kencana Sari uga melu nari.

Kaanane panguasa pesisir kidul sing melu nari kuwi mung bisa disawang wong kang linuwih ing babagan spiritual.

Pamentasan lan gladhen Bedhaya Ketawang iki dileksanakake saben dina Anggara Kasih utawa Selasa Kliwon.

Anggara kasih miturut kapercayaane masyarakat Jawa dianggep minangka dina kang kebak kaberkahan.

Gladhen tari Bedhaya Ketawang iki ajeg dileksanakake saben Selasa Kliwon tabuh 13.00 ing Pendapa Ageng Sasana Sewaka. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #keraton solo #filosofi #misteri #budaya #jawa #kesenian #Bedhaya Ketawang