Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Rekomendasi, Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat Cocog kanggo Wisata Sejarah lan Budaya Jawa

Satmiko Supraptono • Jumat, 24 Januari 2025 | 16:30 WIB
WISATA BUDAYA: Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
WISATA BUDAYA: Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat klebu salah siji destinasi wisata ing Kota Solo.

Keraton sing uga kondhang kanti jeneng Keraton Solo iki cocog kanggo jujugan wisata edukasi, sejarah lan kabudayan Jawa.

Keraton iki ana ing tengah Kota Surakarta saengga gampang diakses saka ngendi wae kanthi pilihan pirang-pirang sarana transportasi.

Kanggo wisatawan saka njaba daerah sing nunggang kereta api (KA) uga ora angel yeng pingin menyang Keraton Solo. 

Saka Stasiun KA Solo Balapan, jarake kira-kira mung 3,5 kilometer. Wektu tempuhe kira-kira 10 nganti 15 menit.

Wisatawan bisa milih moda transportasi ojek online, angkot, becak, utawa bis Batik Solo Trans (BST) saka Stasiun Balapan.

Yen pingin ngrasakake swasana kutha luwih tradisional becak bisa dadi pilihan sing bakal menehi pengalaman unik.

Yen milih bis BST, halte paling cedhak saka Stasiun Solo Balapan ana ing ngrepe lawang metu stasiun.

Pilih BST rute tumuju  pusat kutha utawa Keraton Solo. Tarife uga klebu murah mung Rp 4.500 saben wong.

Ing Keraton Solo, wisatawan bisa nikmati kaendahan arsitektur tradisional Jawa sing kebak nilai sejarah.

Keraton iki ora mung nyuguake pamandangan budaya nanging uga koleksi tinggalan sejarah sing dipamerake ing njerone.

Kapethik saka laman Solo Balapan, iki pirang-pirang tips yen pingin wisata menyang Keraton Solo.

  1. Pilih Wektu Kunjungan

Wektu paling pas wayah esuk utawa sore kanggo ngendani panas, utamane yen pingin ndeleng  kaanane njaba keraton.

  1. Pilih Transportasi Tradisional

Yen pingin ngrasakake pengalaman sing beda bisa nyoba becak saka Stasiun Balapan, saengga bisa nikmati swasana kutha luwih santai.

  1. Cepak Dhuwit Tunai

Jalaran durung kabeh layanan tiket lan bakul suvenir ing sakubenge Keraton Solo nggunakake dhuwit utawa pambayaran digital.

  1. Jaga Kasopanan

Ing panggonan sakral iki pangunjung dijaluk supaya nganggo busana sopan lan tansah ngugemi paugeran sing ana ing keraton.

  1. Nikmati Wisata Kuliner

Ing sakubenge Keraton Solo akeh pedagang kuliner kas Kota Solo, kaya serabi, solo, timlo lan liya-liyane kanthi rega lumrah. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #keraton solo #sejarah #wisata #budaya #Kasunanan Surakarta Hadiningrat #stasiun balapan