Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi Soto Anglo Mbah Atmo Klaten 58 Taun Panggah Disajekake Bareng Teh Poci

Satmiko Supraptono • Sabtu, 25 Januari 2025 | 22:00 WIB
TURUN TUMURUN: Soto Anglo Mbah Atmo, Klaten, sing duwe cita rasa kas. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
TURUN TUMURUN: Soto Anglo Mbah Atmo, Klaten, sing duwe cita rasa kas. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

KLATEN, Jawa Pos Radar Madiun – Ora mung soto garing kuliner sing legendaris ing Kabupaten Klaten, Jawa Tengah.

Nanging, uga ana jinis soto liyane sing ora kalah legendaris. Yakuwi Soto Anglo Mbah Atmo sing wis ana wiwit 1967.

Sanajan saiki warung soto semejana (sederhana) iki wis ngalih ing tangane generasi katelu nangingcita rasa isih panggah.

Warung soto iki manggon ing pinggir Jalan Jogja-Solo, Desa Prawatan, Kecamatan Jogonalan, Kabuoaten Klaten. 

Kawitane warung soto iki dibukak Mbah Iman Karyo. Sawetara Atmo Karyo minangka generasi kaloro wiwit 1980-an.

Banjur diturunake menyang generasi katelu Muhadi lan Sukinem nganti saiki sing tansah ngugemi cita rasa turun tumurun.

Wiwit generasi kapisan, warung iki nyedyakake menu andelan soto ayam duduh (kuwah) bening lan teh poci.

Soto ayam disajekake ing piring,dudu mangkok. Isene sega, mihun, kecambah lan suwiran ayam kanthi kuwah kaldu ayam.

Teh poci disedyayake minangka kanca nikmati soto. Omben iki wujude cem-ceman teh sing disajekak ing teko cilik.

Soto ayam iki ora diolah nganggo bahan bakar minyak utawa gas. Wiwit kawitane nganti tekan saiki panggah nganggo kayu bakar.

Jalarane yen olah-olah wiwit esuk, warung iki lagi bukan lan bisa nglayani kira-kira jam 11.00.

Ora butuh wektu suwe, saking akehe langganan utawa wong tuku, jam 15.00 wis tutup jalaran entek.

Warung iki uga nyedyakeke gorengan tempe lan tahu kanggo lawuh. Sawetara sukun goreng dadi camilan kas warung iki.

Biyen, ing kawitan ngadege Soto Anglo Mbah Atmo iki, uga nyedyayake gorengan jmeblem (tela parut isi gula abang)

Bab rega, ora perlu wedi kanthong bolong, jalaran saporsi soto lan teh poci mung diregani wiwit Rp 10.000.

Para pelanggane saliyane saka Klaten, Yogyakarta lan tlatah sakubenge. Uga para wisatawan sing liwat lan mampir.  

Kanthi njaga eksistensi cita rasa lan cara nyajekake Warung Soto Anglo Mbah Atmo iki wani sangian karo warung soto anyar.

Salah sijine, mertahanake cara ngolah soto sing nggunakake kayu bakar. Saengga cita rasane panggah kas wiwit biyen. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#teh poci #Soto Anglo Mbah Atmo #klaten #legendaris #Rekomendasi #madiun