Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Tengkleng Sapi ing Kabupaten Sragen Iki Rekomendasi kanggo Sing Anti Daging Kambing

Satmiko Supraptono • Sabtu, 25 Januari 2025 | 19:00 WIB
PATUT DICOBA: Tengkleng sapi kas Sragen ora kalah karo tengkleng wedhus. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
PATUT DICOBA: Tengkleng sapi kas Sragen ora kalah karo tengkleng wedhus. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SRAGEN, Jawa Pos Radar SoloLumrahe olahan tengkleng, kuliner kas Kota Solo, bahane saka daging wedhus (kambing).

Nanging, sing anti kambing ora perlu kuwatir. Olahan tengkleng daging sapi bisa dadi alternatif pilihan sing luwih sehat.

Kuliner iki bisa dicoba ing salah siji warung Jalan Ahmad Yani, Cantel Wetan, Kelurahan Sragen Tengah, Kecamatan/Kabupaten Sragen.

Warung iki wis kondhang nyedyayake  menu tengkleng sapi. Semono uga akeh sing seneng tengkleng sapi iki.

Warung tengkleng sapi Bu Ninik iki uga nyedyakeke tongseng sapi, bakso tongseng lan tongseng ayam.

Porsine tengkleng sapi neng kene lumayan gedhe, malah nganti munjung ing piring sing kanggo nyajekake.

Ora mung tengkelan daging sapi sing isih nemplek ing balung, nanging uga ana kubis, tomat, lan kikil sapi.

Bab cita rasane, cocog kanggo sing ora pati seneng kuliner pedhes. Jalaran rasa pedhese ora nemen-nemen banget.

Saengga ora nerak bumbu kuwah tengkleng sing kenthel. Daging sing nemplek ing balung empuk banget.

Tingkat kamatengane cukup pas kanggo sing seneng tengkleng lan cocog dinikmati karo sega anget.

Warung iki bukak saben dina wiwit jam 09.00-20.00. Umume luwih rame ing wayah jam mangan awan.

Regane uga lumrah. Miturut Samijo, sing duwe warung, warunge nyedyayake menu tengkleng sapi wiwit 2007.

Sadurunge, nyedyayake olahan wedhus. Kaya sate, gule, tongseng dan tengkleng. Nanging banjur ngalih daging sapi.

Miturut dheweke tengkleng sapi uga akeh paminate. Utamane sing ngendhani olahan daging wedhus.

Warung sing dikelola karo bojone iki uga nampa pesenan. Malah ing momen Idul Adha kerep entuk rejeki sing ora kasangka-sangka.

Kaya warga sing njaluk diolahake tongseng utawa tengkleng saka daging kurban Idul Adha. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#sapi #Tengkleng #kambing #Rekomendasi #kuliner #madiun #sragen