Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Telaga Madirda Karanganyar sing Asale saka Cupu Manik Astagina Duweke Bathara Surya

Satmiko Supraptono • Minggu, 26 Januari 2025 | 16:00 WIB
ENDAH-ASRI: Objek wisata Telaga Madirda ing Ngargoyoso, Karanganyar. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ENDAH-ASRI: Objek wisata Telaga Madirda ing Ngargoyoso, Karanganyar. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Telaga Madirda klebu salah siji destinasi wisata favorit ing Kabupaten Karanganyar.

Tlaga cilik iki ana ing Dusun Tlogo, Desa Berjo, Kecamatan Ngargoyoso, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah.

Telaga Madirda nyuguhake kaendahan, katenangan, banyu kang bening, hawa seger lan pamandangan asri pagunungan.

Tlaga ing perengane Gunung Lawu iki uga digunakake kanggo Tirta Amarta utawa panyucian diri umat Hindu.

Ing sawalike  kaendahan, tlaga iki uga nyimpen crita misteri babagan cecongkrahane  sedulur telu: Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi.

Cekak carita,  kawitane nalika Bathara Surya lan Bathari Indardi lagi gandrung. Bathari Indardi diwenehi hadiah Cupu Manik Astagina.

Ing sajone barang ajaib iki kasimpen kaendahane alam donya. Nanging sesambungane batara-batari iki kaancam bebaya.

Prabu Wrehaspati pingin ngrebut Bathari Indardi lan ngancam nyerang kahyangan. Karo patih lan prajurite banjur nekani kahyangan.

Ing kahyangan Prabu Wrehapati pethuk Bathara Surya sing coba nyegah niate ndadekake Bathari Indardi garwane.

Perang tanding ora bisa diendhani. Bathara Surya kalah. Bathari Indardi banjur menyang patapan Resi Gotama kanggo njaluk pitulungan.

Resi Gotama banjur merangi Prabu Wrehaspati. Kanthi kasektene, Resi Gotama kasil ngalakahe Prabu Wrehaspati.

Nanging, Batari Indardi malang kesengsem karo Resti Gotama. Bathara Surya mung bisa pasrah lan nglilakake tresnane wurung.

Kairing lakune wektu, Resi Gotama lan Bathari Indardi duwe putra telu. Yakuwi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi.

Nalika Anjani dolanan Cupu Manik Astagina duweke ibune dikonangi Guwarsa lan Guwarsi sing pingin ngrebut dolanan kuwi.

Krungu putra-putrane congkrah, Resi Gotama banjur nakoni Anjani cara ngentukake Cupu Manik Astagina kuwi.

Bareng weruh yen Cupu Manik Atagina kuwi duweke Bathara Surya, Resi Gotama sujana lan mbuwang Cupu Manik Astagina kuwi.

Bathari Indardi sing coba menehi piterang marang Resi Gotama ora digubris. Malah Resi Gotama tansaya muntab.

Saengga Bathari Indardi milih mbisu lan dadi reca. Rumangsa luput, Resi Gotama ngutus putra-putrane nggoleki Cupu Manik Astagina.

Cupu Manik Astagina ditemokake ing tlaga kang endah. Resi Gotama lan telu putrane banjur nyemplung tlaga lan dadi kethek.

Jebule tlaga kuwi minangka pawujudane Cupu Manik Astagina. Sawise dadi kethek, Guwarsa lan Guwarsi ganti jeneng Sugriwa lan Subali.

Konon, kaya ngono kuwi misteri legenda asal-usule Telaga Madirda ing Kecamatan Ngargoyoso, Kabupaten Karanganyar. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#Sugriwa #karanganyar #ngargoyoso #telaga madirda #Subali #misteri #madiun #Cupu Manik Astagina