Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi Wedang Tahok Pasar Gede Kota Solo, Jajanan Akulturasi Jawa-Tionghoa

Satmiko Supraptono • Senin, 27 Januari 2025 | 22:00 WIB
NGANGETAKE: Wedang tahok kedai kopi Makmoer, Pasar Gede, Kota Solo. (DOKPRI/KRISHNA IZI)
NGANGETAKE: Wedang tahok kedai kopi Makmoer, Pasar Gede, Kota Solo. (DOKPRI/KRISHNA IZI)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Pasar Gede, Kecamatan Jebres, Kota Solo, kondhang minangka kawasan pacinan.

Jalaran saliyane ana kelenteng minangka panggonan ibadah umat Konghucu, uga akeh etnis Tionghoa  sing urip ing tlatah kene.

Saengga akeh akulturasi budaya antarane warga Jawa lan etnis Tionghoa. Klebu ing babagan kuliner sing bisa ditemoni.

Salah siji jinis kuliner wujud alkulturasi ing tlatah Pasar Gede Solo iki yakuwi tahok. Kuliner iki jinis omben utawa minuman.

Saengga tahok Pasar Gede, Kota Solo, klebu kuliner utawa jajanan kas kang legendaris sing rekomedasi banget kanggo diincipi.

Miturut sejarahe, omben iki pancen asli Tiongkok. Jeneng asline tauhue utawa tahua. Ing daerah liyane Kota Solo beda-beda arane.

Ana sing ngarani tahwa, tauwa, tawa lan kembang tahu. Wujude kaya ager-ager wernane putih memplak nanging luwih lumer.

Tahok Solo utawa jeneng liyane ing tlatah liya lumrahe disajekake ing mangkok karo duduh utawa kuwah wedang jahe rada legi.

Kanthi cita rasa sing seger lan bisa ngangetake awak. Apameneh yen dinikmati ing wayah udan utawa nalika hawane adhem.

Mula ana sing ngarani wedang tahok nganti wedang tahu. Tahok iki bahane saka sari dele (kedelai) sing luwih lumer saka tahu.

Rasana pancen klebu tawar nanging yen diombe karo wedang jahe jan nyamleng tenan. Sanajan lumer nanging uga maregake.

Ing sakubenge Pasar Gede, Kota Solo, bakul tahok iki saora-orane ana loro. Sing bukak wayah esuk nganti awan lan sore nganti bengi.

Sing bukak wayah esuk nganggo grobag surung manggon ing ngarepe (sebrange) lawang Pasar Gede, Kota Solo, sangisore wit.

Grobag surung iki nyajekake tahok kanthi dicidhuk nganggo sendhok kaya cara nyajejake cincau grobag model Jawa Barat.

Sawetara sing bukak sore ana ing kedai kopi Makmoer. Kedai sederhana iki ana ing antarane Pasar Gede karo kreteg Pasar Gede.

Sanajan cita rasana padha, cara nyajekake beda. Tahok ing kedai Makmoer iki ora dicidhuki nanging dicithak bunder.

Semono uga sing dodol. Yen tahok esuk, sing dodol wong Jawa. Sawetara kedai Makmoer iki duweke etnis Tionghoa.

Dadi, ora perlu bingung yen pingin nyruput wedang tahok. Esuk nganti awan ana, sore nganti bengi uga bisa. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #Tahok #Tionghoa #Rekomendasi #kuliner #budaya #madiun #akulturasi #pasar gede