BOYOLALI, Jawa Pos Radar Madiun – Waduk Cengklik ana ing Desa Margorejo, Kecamatan Ngemplak, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah.
Waduk Cengklik iki arupa bendungan banyu sing dibangun ing jaman penjajahan Belanda kira-kira taun 1923-1931.
Saliyane kanggo kaperluan irigasi pertanian, Waduk Cengklik uga dadi objek wisata kanthi panorama alam kang endah.
Nanging, ing sawalike kaendahan kuwi kasimpen crita misteri. Kususe ing Pulau Domplak neng tengahe wadhuk iki.
Ing Pulau Domplak iki ana makam kuna sing dikenal minangka makame Syekh Umar Yazed utawa Syekh Sembur Nyowo.
Miturut Ketua Komunitas Peduli Waduk (KPW) Cengklik Giyanto, Pulau Domplak wis ana sadurunge wadhuk iki dibangun.
Miturut Giyanto, pulo (pulau) sing ana tengahe Waduk Cengklik kuwi ambane kira-kira 2 hektar.
Ing pulo kuwi ana makam kuna sing dipercaya minangka pundhen desa sing wis kelem puluhan taun kepungkur.
Pulau Domplak dikramatake utawa dianggep sakral. Nganti saiki, pulo kuwi isih dadi jujugan para pajiarah.
Yen arep jiarah ing makam kuna kuwi kudu nggawa dupa utawa menyan. Saliyane kuwi kudu ing kaanan suci.
Pulo kuwi dianggep situs minangka punjere utawa pundhen desa. Mula warga desa kene tansah njaga lan ngrumat kaanane.
Giyanto nyebutake yen akeh crita mistis kang ngemuli sakubenge Waduk Cengklik, saengga masyarakat ora wani neka-neka.
Konon, jarene Giyanto, nate ana wong lanang lan wadon sing tumindak asusila ing pundhen kuwi lan ora bisa ucul nganti mati.
Kuwi pancen crita kuna jaman mbah-mbahe biyen. Neng kene uga ora entuk omong kotor jalaran bisa kena sawan (gangguan mistis).
Nganti saiki, makam Syekh Sembur Nyowo isih kerep ditekani pajiarah. Saengga uga dicepaki banyu kanggo wudu.
Saliyane kuwi, masyarakat kono liwat KPW Cengklik uga ajeg melu ngrumat kanthi ngresiki panggonan iki.
Masyarakat kene isih percaya yen kaanane Waduk Cengklik lan Pulau Domplak nggawa berkah lan migunani.
Yakuwi arupa lahan kang subur lan perekonomian kang ningkat saka sektor perikanan lan pariwisata. (*)
Editor : Satmiko Supraptono